Antologi Puisi Jawa
Masyarakat ayem
Adil lan tentrem
Suméh sumringah
Masyarakat Jawa Tengah
216. Panggurit: Untung Sularno 00000405
Awéan Tanganmu
Dak kangeni awéan tanganmu ing sawijining kalamangsa
Nyandhet lakuku ing sumringahing pupus
Kaya lelakon kepungkur
Ewasemana katresnanka marang tlatah iki
Tansah rinoncé ing alum- trubusing tetanduran
Rendheng tan ketiga kebak pangulandaran
Dak kangeni awéan tanganmu ing sewijining kalamangsa
Nyandhet lakuku ing aruming kembang kanthil
Nyandhet lakuku ing pangocéhing podhang
Kasengsem aku
Tansah cinandhet awéan tanganmu
217. Panggurit: Elise Putri Pratiwi 00000450
Jawa Tengahku
Pulau Jawa kang kapérang 3
Ana Jawa Timur, Jawa Te ngah, lan Jawa Barat
Among Jawa Tengahku kang dadi pepujanku
Gudhangé .....
149