Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Apa padha ora ngerti
Lawang Séwu, Sam Po Kong, Candhi
curug, lan sakpituruté,
Adat, tradhisi, kabudayan
Iku sing dadi ciri khas karo liyané
Provinsiku
Kuthaku
Kelairanku
Jawa Tengah, Jawa Tengah, Jawa Tengah.
222. Panggurit: Fitriah Ulfi Nihaya 00000432
Tresna Marang Budaya Jawi
Kabudayan, ora kena ditinggalaké
Sawijining wektu ora bakal dilalikaké
Tresnaku marang kabudayanku
Ora bakal ilang ing tengah jaman
Nalika, jaman wis modém
Kita kudu nglestarikaké
Budaya Jawi tinggalan para leluhur
Kudu dikembangaké
Budaya Jawi....
Tutur bahasané, alus ngluwihi sutera
Tingkah lakuné, andhap asor jan santun
Kabudayan kang séjé marang budaya liyané
Wiwit alit kanti saiki
Budaya Jawi tetep ing ati
153