Antologi Puisi Jawa
255. Panggurit: Rizka Harlita Febriana 00000540
Kala Lingsir Wengi ing Jawa Tengah
Nalika srengéngé lingsir ing kulon bumi pertiwi
Kapendhem rasa tresna
Jiwa lan raga iki tansah kélingan jenengmu
Jawa Tengah........
Lemah suci ingkang kawula tresnani
Gemah ripah loh jonawi
Surga uripku ing dunya
Lemah kang ngayemi dalané uripku
Lemah Jawa kang dadi nggonku mlaku
Jawa Tengah uripku lan bungahku.
256. Panggurit: Intan Puspita Zuhrida 00000292
Tembang Dolanan
Salah sawijiné asil kabudayan
Ingkang ngemot pitutur kang saé
Natika cilik asring ditembangaké
Nanging saiki dilairaké
Amarga kagèsèr dening jaman
Jaman kang wis maju
Diganti tèknologi modérn
Tembang dolanan kang èndah
Tresnaku ora bakal luntur
Tetep kudu d uri-uri lan lestantunaken
171