Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
269. Panggurit: Yulia Putri 00000313
Oh........Jawa Tengah
Provinsi nan subur lan makmur
Werna-werni basa lan kabudayan
Oh..... Jawa Tengah
Papan panggonan uripku
Uripku lan keluwargaku
Provinsi kang nguripi-urip
Cikal bakal kabudayan
akèh ning kéné
Oh......Jawa Tengah
Ndhuwé basa kang èndah lan manèka werna
Basa Jawa iku unggulané
Basa sing gawé bulé padha remen
Ora mung basa......
Adat, tradhisi, kabudayan uga kalebu
Sakjeroné.......
Oh.......Jawa Tengah
Ora salah nèk jenengmu dadi misuwur
270. Panggurit: Faul Umaroh 00000331
Wajib
ha | pa | |||||||||
na | dha | |||||||||
ca | ja | |||||||||
ra | Kudu ngrembaka | ya | ||||||||
ka | nya |
da ....
179