Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Iku kandhané Mbah Semar duk jaman rikala
Nganti tawon sakkaluwarga padha teka
Péngén madu jangklong kutha
282. panggurit: Ita Anggraeni 00000417
Panjalukku
Lemah kang tak ambah
Dadi saksining pepujiku
Maring wahyu Jawa Tengahku
Katula-tula ggonku ngrembaka
Kesigét irengé lelaku
Bangsa kaliyan
Takuri-uri
Budayané Jawa Tengahku
Kang dadi samubarang kiambiku saben dina
Amung raga lan nyawa
Kang bisa takbagi
Mugi Jawa Tengahku
Subur lan lestari
283. panggurit: Didik irawan 0000419
Ing Kutha Gedhé
Kabéh paraga padha nduwéni lara bisu
Jalaran angger kepethuk mung kaya semut
Onthak-anthuk lewat-lewat thok
Ditakoni malah padha tandang-tanding
kaya wong lara untu
Apa ngéné iki sing jenenge égois
186