Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/210

Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

285. Panggurit: Reny Nirmalasari 0000441


Jawa Tengah sing Tak Tresnani

Nalika aku lungguhan ing njaba
Dunya kaya obah mundur
Sanalika aku nyawang padhangé lampu dalan
Ati rasané katutup rasa tresnaku
Sakabèhing asma kang muter ing sajeroning dhadhaku
Mung sliramu kang kuat lan padhang ing atiku
Yaiku mung Jawa Tengah sing tak tresnani


286. Panggurit: Agus Widodo 0000446

Dungaku

Jawa Tengah:
Tentrem ayem
Loh jinawi
mugi-mugi
pandungaku
marang Maha Siji


287. Panggurit: Tri Retno Palupi 0000447

Langit Jawa Tengah

Srengéngé metu saka wétan
Pancaran sinar kang cerah lan nyata
Godhong ijo-ijo kang ngawé-awé
Nggawé bungahé ati kanggo makarya


188