280. Panggurit: Vias Putri R. 00000451
Nèm-nèman
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawungé saya ndadi
Raket wewekané sepi
Tan dadi jaman nguni
Srawung sarta ngati-ati
Yèn manut wasining kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggadha
Nerak ing laku susila
Temah darbé seneng ala
Wusanané tibra papa
290. Panggurit: Arif Fredi Hakim 0000462
Tlatah Jawa
Sanajan ragaku tumancep ana ing gemerliping kutha
Sanajan rejekiku ngunduh ana ing sawijining tanah kayangan
Sanajan trilyunan arta dadij pengarep-arep
Muncraté kringet nganti dadi getéh
Atosé balung remek dadi bubur
Ananging katresnanku karo tlatah Jawi ra baka] kadoh Iuntur
Pandhangé senthir ngawiwit ngantos jedhulé rembulan
Gumricik banyu sing mudhun saka talang
Ngilangaké rasa pait sing kepangan jaman
Tlatah Jawi dadi saksi uripku jaman semana!
Ngawiwit bayt nganti sakniki
Aku ora bakal blénjani tlatah Jawi sing mau ngayomi