Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/215

Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

   Jawa Tengah greget
   Jawa Tengah mèsem
Kebak rasa, sèwu dadi sajuga


295. Panggurit: Nanda Rifki A. 00000485
Ngapak

Nyong péngin balik.......
Srang-srangan ora nggenah.......
Péngin kié, péngin koé.........
Péngin dolan néng omahku.......
Lautan apik resik, ayem nemen.......
Néng tempat kié enyong ngadeg.........
Ndelengna urip sing ora nggenah.......
Tapi nyong betah néng kéné.......
Nyang péngin mati mbesut néng kéné.....
Siji sing nyong ucap......
Nyong tresna Jawa Tengah........


296. Panggurit: Puspita Sari C. 0000491
Teka Bareng Sru Brengengeng

Anut grubyuk marang winih-winih sing nukulaké wisa
Wis ora anèh wong-wong wadon ngumpul
Kaya arisan ngobral omong
Adoh lor adoh kidul
Nyritakaké masalah sing ora penting
Syukur alkhamdulillah karo perkembangané jaman sing wis maju

Winih-winih .....

193