Trus wong cilik ora dipandheng blas panguripané
Panguripané wong cilik saya kéré lan nelangsa
Wong cilik namung bisa
Kéré........ kere... kéré
Lan....... kéré........panguripané
303. Panggurit: Antik Lialistia N. 00000538
Aku Bangga Dadi Wong Jawa Tengah
Ing kutha iki aku miwiti
Miwiti urip lan kenal alam dunya
Ing kutha iki aku miwiti
Miwiti golèk ilmu kanggo sangu ing bebrayan
Saka kéné aku ngerti
Yèn Jawa Tengah pancèn èndah
Èndah kabudayané, èndah pakulinané lan èndah sesrawungané
Madhep mantep njunjung subasita lan tata karma
Kang dadi ciri khas ing masyarakat
Pramila.............
Aku bangga dadi wong Jawa Tengah
304. Panggurit: Dwi Thania Ningtyas 0000501
Kaèndahan Jawi Tengah
Gumebyaring lintang kang werna-werni
Gambaraké kabudayan kuw! ora mung sifji
Sejatiné Jawi Tengah siji tak tresnani
Karawitan, beksa, lan macapatan
Kang....