AKU CINTA JAWA TENGAH
308. Panggurit: Taslim 00000456
Jawa Tengahku
Jawa Tengahku kang katresnan
Ana ing tanah iki aku tinumpang kasugengan
Kanggo ngoleki kautamaning urip
Ing tlatah Jawa Tengahku iki
Sarwa kebak kabudayan Jawi
Nambahi kaéndahan rasa ing kéné
Mula akeh kang urip tresna
Kanggo nggoléki jati dhiriné dhéwé-dhéwé
Cita-citaku kang arep tak gayuh
Tumancep jejeg ing Jawi iki
Dina ngalih bulan, lan bulan ngalih taun
Aku nuntut kabudayan ing papan iki
Kanthi rasa tresna tak lakoni
Canda, tawa, susah, sirna ilang
Muga pangéran mujudaké pangarepku
Apa baé kang dadi kekarepanku
309. Panggurit: Puji Dwi Asmulung 00000025
Wis Owah
Sumpek saiki dadiné
Enggon-enggon ditémbok omahé
Mbabat alas uga kuburan
Arang wit-witan
Rob wis dadi pakulinan
Aranané wis owah
Negarané wis bubrah
Gonjang-ganjing langit kelap-kelip
200