Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Aku ora reti apa pemilu iki bisa lancar
Lan bisa milih pemimpin kang bener lan jujur
Kabèh wis tak pasrahaké karo awakmu kabèh
Aku mung bisa jaluk karo Gusti
Mugi-mugi Jawa Tengah sangsaya makmur
314. Panggurit: Puji Setyaningsih 00000080
Ayomé Tanahku
Ayomé tanahku
Banet ati tangéh yén luntur
Nadyan angin muncang sukma
Tekan waliké segara
Ilining banyu ngebaki kalin
Nadyan tangéh yén patin
Mring panguripan
Panguripan manungsa satuhu
Ayomé tanah Jawi
Gemah ripah loh jinawi
Bedudén kang luhur
Tangéh yén luntur
315. Panggurit: Nur Fatmaltiana 00000085
Semarangku
Coba sawangen kaé Lawang Sèwu
Coba rasakaké sumribité sindhu ing laut Marina
Keraton.....
203