Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Keraton gedhé padha seméndé ing kéné
Gunung gedhé mésem
Rakyaté padha guyub pindha mimi lan mintuna
Yén dak critakaké saratri tan ana pedhoté
Heh bangsa manca.......
Ora usah serik ati
Iki negaraku Indonesia
Iki propinsiku Jawa Tengah
Iki kuthaku Semarang
Kutha sing tansah tak tresnani
316. Panggurit: Nurul Aiini 00000086
Wayah Wengi
Ing kutha Semarang
Tansah kemerlapé lampu
Akéh keraméan kutha
Ing wengi iki
Wayah wengi
Nalika wengi tansah padhang
Akéh panggonan kang ramé
Lanang wadon padha kumpul
Kumpul ana ing Semarang
Tresna kutha Semarang
Kang èndah kabudayan
204