Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Sindoro, Sumbing
Tanda gemah ripah ing Jawa
Jawaku kang cedhak ana ing manah
Raga iki jiwa iki
Kasembahaké kanggo pertiwiku
Jawaku Jawa Tengah
330. Panggurit: Fitri Ayu W. 0000015S
Katresnaku marang Jawa Tengah
Tresnaku.........
Wis sangalas tahun kepungkur
Aku urip ing tanah Jawa Tengah
Kutha Semarang iku kang dadi ibu kuthané
Tresnaku jawa Tengah
Akéh panggonan kang nengsemaké
Ayo padha nglestarikaké tanah Jawa iki
Wit-witan kang ijo
Angin sumilir
Endahing alam iki
Nambahi rasa tresnaku
Tresna kang ora bisa diukur
331. Panggurit: Ervy Riana Y. 00000126
Jawa Tengah
Urip ing tlatahmu.......
Gawé tentrem lan ayem
Slamet, Sindoro, Sumbing, Merapi
212