Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Sangsaya akèh pamilahé ing kana
Resik winulat kadya purwakanthi
Nuli runtut sarira, sekar tembang, beksa mawarni-warni
O Jawa Tengah
Jenengmu kang gampan diiling
Dadèkaké aku sangsaya tresna
343. Pangeurit: Anggraeni Yuli Wijayanti 00000556
Semarang
Kutha cilik kang dadi puseré Jawa Tengah
Kutha kang gemah ripah loh jinawi
Ayu pasuryanmu
Gawé trentrem ing atiku
Semarang........
Aku tresna marang sliramu
Tresna marang èsemu
Tresna Marang ayumu
Semarang........
Atiku ora bakal nglalikaké sliramu
Nganti mundur ragaku iki
344, Panggurit: Earlena Thea Pheara R. 00000550
Jawa Tengahku
Jawa Tengah kang èndah
Kutha sing ayem lan tentrem
Gawé....
279