AKU CINTA JAWA TENGAH
Tlatah kang èndah budayané
Lair tentrem lair batin
Ana ing Jawa Tengah
377. Panggurit: Leily Istiadati 00000426
Mlaku ing Semarang
Semribit angin ngelus langit isuk
Manuk sriti ing pucuking cemara
Nganti tekaning awan sing padhang
Gawang-gawang katon suryamu
Gawé tambah kekesing angin isuk
Tumlawung rasa bakal mlaku-mlaku ing Semarang
Wengi bakal tumeka manéh
Bareng karo kaèndahanmu
Kang bakal ngebaki ing kutha Semarang
Lumaku turut ing pinggiran kutha
Bakal ndeloki parian gedhung-gedhung
Apa kudu tau delok kaéndahanmu
Karo kaapéanmu kutha Semarang
378. Panggurit: Tina Yuliani 00000436
Pangayoming Ati
Jawa Tengahku.........
Tanah kang dadi pangayoming ati
Kebak kabucayan uga makmur kasunyataning
Tanah kang subur, gemah ripah Ioh jinawi
Kang dadi pilihanku kanggo ngukir cita-citaku
238