Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Mung tresnaku kaliyan Jawa Tengah
kang dadi panggonan nggolek pangan, ilmu, lan
gesangku
ngantos pungkasaning uripku
411. Panggurit: Agung Khafar Irpan 00000951
Desaku
Glonggong...
Iku nama desaku
Biyen kowé sing gawé jejering awakku
Nalika aku isih ana ing jero weteng ibuku
Glonggong....
Mung kowé sing bisa nuntun awakku maju
Nalika ana kahanan nesu utawa rena
Kowé dadi pangelingku marang ibuku
412. Panggurit: Fitrotul Ulya 00000945
Tresna Jawi Tengah
Jawi Tengah...
Tanah kang subur
Bum pertiwi titahing Kang Maha Suci
Kang kudu kita reksa
Jawi Tengah...
Gedhé atiku manggon ana ing tlatah kéné
Aku ....
257