Aku ndedonga marang Gusti
Supaya Jawi Tengah dadi tlatah loh jinawi
Abdi tresnaku marang papan pinarakan
Sanget ageng lan boten katinggal
Lepatipun...
Punika, Jawi Tengah
413. Panggurit: Dewi Komariyah 00000182
Tlatah Jawa Tengah
Basundara agung ing pusering Jawa
Iku ya, Jawa Tengah
Basundara luhur ing pusering Jawa
Iku ya, Jawa Tengah
Memanising tlatah
Dadi papan kang katekan brana
Jembaring segara sumurupé pamisayamina
Suburing tlatah sumurupé among tani
Kebaké budaya kang adiluhung
Kadya sekar kang tuwuh ing tamansari
Uripe adat para leluhur ing tlatah
Kadya tirta kencana kang mudhun ing ketiga
Ngadeg jejeg ing jaman globalisasi
Mbangun raga ugi jiwa
Tanpa silih ungkih adat budaya
Kang dadi idhentitas dhiri
Jer, tlatah agung tengahing Jawa
Sugih ing brana, peni ing adat budaya