Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
415. Panggurit: Triana Roudhotul Janah 00000180
Urip neng Jawi Tengah
Gemercik banyu sing mudhun saka talang
Ngilangake rasa pait sing kepangan jaman
Tlatah Jawi sing dadi saksi uripku jaman semana
Ngawiwiti bathi nganti saiki
Aku ora bakal mblenjani
Tlatah Jawi sing tau mblenjani
Padhangé senthir ngawiwiti ngentosi
Nanging katresnanku karo tanah Jawi
Ora bakal kedah luntur
416. Panggurit: Eka Yulia Retnowati 00000144
Jawa Tengah
Jawa Tengah
Kutha seni
Kutha budaya
Kang manggon ing Jawa
Kutha gedhé ing Semarang
Kang nduweni Provinsi Jawa Tengah
Kethoprak
Tembang
Gamelan
Ciri khas budaya Jawa
Jawa Tengah
Jantung budaya Jawa
260