Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Kabudayan barang kang siji
Tresna aja mung kanggo pribadi
Tresna uga kanggo Jawa Tengah iki
Ayo pemudha-pemudhi
Jaga warisan budaya iki
Aja lali kanthi tekaning pati
Jawa Tengah kang kudu ditresnani
Jawa Tengah provinsiku
Kutha Semarang iku kuthaku
Mugya tlatah kelairanku
Mulya kuthaku
Mulya provinsiku
432. Panggurit: Maria Endah Saraswati 00000093
Kaéndahan kang Tansah Kumandang
Namung saklebat anggene nyawang
Nanging rupamu ora kena ilang
Ing sangisore sang rembulan
Kang padhang jingglang
Kaéndahanmu tansah kumandhang
Punika berkahing Gusti
Ing bumi pertiwi
Salebeting tanah Jawi
Kang bisa nyenengke ati
Tresnaku marang sliramu biyung
Kang tansah nyengkuyung
Ora...
273