Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/300

Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Kabeh amarga tresna
Ananging...
Sliramu susah amarga wit-witan kang ditegori
Sliramu jengkel amarga lampu dalan sing tetep urip rina lan
wengi
Sliramu prihatin kelawan kabeh pojok tataning kutha
Kasunyatan tresna wae ora cukup kanggo sliramu
Sliramu butuh panjangka
Panjangka bisa handadekna sliramu trengginas
Kanggo pepaes
Dadi tetep ayu
Sansaya tambah sumeh
Ora susah lan bingung ing pasuryanmu
Sing ana mung panjangka lan tresna
Ngetut bureni lelakonmu kang sansaya cemlorot


438. panggurit: Elis Fajaryati 00000714

Pepadhang Bakal Tumeka

Sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandhungan
Mecaki lurung-lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin
Manuk-manuk dhandhang ketingkrang wayah soré
Peteng kang gumeleng ing angganing manungsa
Wis sinerat ana ing kitab
Pepadhang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sedaya manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan
Lan ara-ara samun
Amandhangi saendahing jagad raya
Mangga kita tumadhah ing angkasa
Pangantu rawuhipun sang pepadhang

278