Kuthaku Jawa Tengahku
Nadyan kalebu kutha kang ngrembaka
Ananging masyarakate tetep padha nyengkuyung
Supaya kutha iki bisa dadi kutha kang maju
Gemah ripah loh jinawi
Maju ana ing kabeh aspek
Tur bisa dadi kutha kang nengsemaké
Marang sapa wae sing krungu kutha iki
Kuthaku Jawa Tengahku
Jembare segara
Jembar langit lan bumi iki
Ora bisa ngaling-alingi
Anggonku tresna marang kutha iki
Mula ayo bebarengan
Mbangun kutha Jawa Tengah iki
444. Panggurit: Harlinda Budi R. 00000105
Katresnanku
Wujud gunung kang misuwur
Wujud lemah kang gembur
Sumilir angin desa tansah lumintir
Nerjang pucuk-pucuk ing woh-wohan
Sandhuwurku kanthi mripat iki
Kabeh den bekteni
Tatanduran-tanduran sakiteran pandeng mripatku
Sansaya subur kaliyan makmur
Katresnanku...
Nempel kraket kaliyan goyaning suket
Lemah...