Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
447. Panggurit: Eva Kusuma Putri 00000089
Jawa Tengah
Jawa Tengah...
Apa ta Jawa Tengah iku?
Ing ngendi ta Jawa Tengah iku?
Jawa Tengah...
Kutha kang cilik
Kutha kang diapit kutha-kutha gedhé
Jawa Tengah...
Kutha kang wis misuwur
Kutha kang ora tau sepi
Nadyan wengi wis tumeka
Kuthane wong Semarang
Jawa Tengah...
Kutha budaya kang tansah nguri-uri budaya Jawa
Jawa Tengah...
Kuthaku, kuthamu, lan kuthané kabeh wong
448. Panggurit: Rias Anggun S. 00000187
Kang Katresnan
Wanciné gumregut nyambut gawé
Katon sayuk bebarengan tandangé
Negayahi pakaryan kanthi tenan
Anggané netepi kewajiban
Padhang rembulané jembar kalangané
Margi kang wis tinata
Wit-witan kanthi ijo royo-raya
286