Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
Berkembang lan slalu mbeta kaberkahan
Aku bangga
Bangga memilikimu
Bangga dados rakyatmu
Majulah Jawi Tengahku
Kang tetep neng atiku
450. Panggurit: Soni Ria Resti F. 00000136
Tega
Aku iki duweké sapa?
Ora iya duwekmu?
Ning endi welas asihmu?
Neng endi rasa tresnamu?
Tresna luhur sajroning driya
Atiku sansaya ngeluh
Apa kowé kewirangan nduweni aku?
Sing mbok pikir namung majune jaman
Sing mbok pikir namung gumplingawih donya
Ora mbok junjung agunging budayaku
Kang ngrembaka ngebaki kawruh
Kawruh kebecikan tumuju kawilujengan
Gawé pitedah, budidaya aruming kahuripan
451. Panggurit: Krisnawati 00000079
Dor!!! Dor!!! Dor!!!
Endahing kembang setaman ing Jawa Tengah
Ana mawar
Ana melathi
Lan kembang-kembang kang merak ing ati
288