Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Ngguyua! yen kancil kang nggawa obor kaé
Ngudu nguripi nyawa
Marang kowé,
kembangku
454. Panggurit: Wita Rosmalia S. 00000068
Senja ing Lor Jawa Tengah
Sumribit angin saka lor
Ngelus petengé langit
Manuk emprit rincik ing kawung
Nyunggi kaéndahan ingkang kasirat
Nganti tekaning wengi kang nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu
Gawé tambah kekesing angin soré
Tumlawung rasa kang ngulandara
Ing Jawa Tengah
Manuk emprit ngandhani:
Wengi bakal tumeka meneh
Barengi wewayang kang ngebaki impen
Lumaku turut petenging lurung
Bakal gawang campur mega
Ing pungkasé dina aku diwelingi
Kaéndahan dina kang panciptané Gusti
Sumangga sraya ngaturaken panyuwun marang khalik
Kangge Jawa Tengah kang katresnani
291