Budayane lumaku, sumebar nganti tekan nagara manca
Priyayine padha sregep ngrembakakaké budayané
Budaya-budaya kang endah
Madhangi jagad Jawa Tengah
Kang saya suwé sansaya maju
Anandhingi budaya liyané
Pancen wus ora bisa dikalahaké
Budaya ing jagad Jawa Tengah iki
Budaya kang paling endah
Paling cumlorot ing nagara-nagara manica lan ing jagad
Jawa liyané
457. Panggurit: Fadlilah 00000057
Endahe Kutha Jawa Tengah
Nalika lingsir wengi
Ing langit Jawa Tengah
Kaya-kaya ana kahuripan kang sumringah
Rembulan....
Rembulan lan bintang-bintang
Gambarake rakyate kang urip katon bungah
Kutha disawang sansaya endah
Urip makmur lan ora pada jejarah
Urip rukun marang tangga tepalih
Jawa Tengah kutha kang asri
Disawang wit-witan lan sawah ijo
Mblarah ditata katon endah
Ibu Pertiwi kaya-kaya pengin singgah
Marang ...