Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/331

Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

484. Penggurit: Vironika Sri Wahyuningsih 00000006

Kutha Sala Sawijining Dina

Kala semana
Aku, kowe lan dheweke
Nrajang rina lan sumelete surya
Numpak bis jurusan palur kartasura
Cekikikan ngguyu kapingkel-pingkel
Ketemu mbakyu jamu sing awake lemu
Kanggo nglegakake ati mbakyu jamu
Aku pesen jamu godhong kates
Kowe pesen jamu beras kencur
Dhewekke pesen jamu temu ireng
Mantep rasa lan khasiate
Dinane saya nggremet nalika awake dhewe
Njlajah desa saurute Bengawan Selo
Srengenge rina sadhuwur galah rinasa nyigar sirah
Menyang ngendi maneh sikil iki mesthi mlangkah?
Pranyata alun-alun sala narik kawigatenmu
Ing pojok gapura kowe lan dhewekke leyeh-leyeh
Nyawang bocah cilik-cilik prigel ndhalang lan beksan
Nyawang nom-noman padha jejogedan jathilan
Sawetara aku kijenan nyruput es dhawet ketan ireng
Asli laweyan
Dak toleh wujudmu lan dhewekke ing gapuro alun-alun
Wis ora ana..
Dak goleki awakmu... ngalor ngidul ngetan ngulon
Nanging ora guna... sia-sia
Ragamu lan dhewekke muspra embuh menyang ngendi
Mlebumetu pasar gede, pasar legi, pasar klewer
Awakmu dak goleki... dak celuki jenengmu
Nganti kesel lambeku
Aku kijenan .. aku kelangan

Menyang ....

309