Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Bedane sing panganan gawé kebak weteng
Lah iki gawé atiku seneng
Mata anteng
Lan gawé bungah rasaku
Sawijining kasugihan saka papan panggonanku
Sabenku nyawang, mesti ing panggung kang apik
Lampu kelap-kelip kaya bintang ing langit
Wong-wong kang dandan endah banget
Ana sing dadi raja, trameswari...
Uga an asing dadi buta
Bahase alus kaya neng kraton

Ora kabeh wong bisa nindakake
Ora kabeh wong bisa nresnani
Sak ngertiku wes metu tekan jaba negara
Kok malah sing wong Jawa akehan pada wong meneng
Di njarke ngunu ae
Malaku sak karep-karepe dewe
Nek meh di jaluk bangsa liya lagi nesu-nesu
Sapa...
Sapa kang kudu njaga jan nresnani?


18. Panggurit: Anita Nofriyantina Sari    00000029

Kabudayan kang Tumasa

Angine ngambar-ngambar
Panase cumeter
Wonge-wonge padha gumedhe
Kuthane saya suwe saya ambruk
Yen panguwasane rak bisa njaga kabektene
Marang jejibahaning nata kutha Jawa Tengah

Ngger...ayoa padha kebarengan
Ngupaya nuwuhaken budaya kang edipeni

16