Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
54. Panggurit: Gabriella 00001041
Aku Tresna Jawa Tengah
Aku iki bocah Jawa Tengah
Omahku ing Jawa Tengah
Yen aku susah lan seneng
Aku ora tau menyat saka kene
Jawa Tengahku kang tak tresnani
Terlalu akeh kabudayaanmu
Terlalu akeh sejarahmu
Terlalu akeh kenanganku neng kene
Kabehe bakal tak eling-eling
Nganti tuwa lan marang Gusti
Kabeh-kabehe bakal tak junjung
Aku tresna Jawa Tengah !!
55. Panggurit: I Gusti Ngurah A.P. 00001040
Aku Cinta Jawa Tengah
Jawa Tengah
Provinsi ingkang kebak kabudayan
Akeh kaéndahan lan kesenian
Ndadeake Jawa Tengah duwe pesona kaéndahan
Kang ambegan Prasetya Ulah Shakti Bhakti Praja
Mbangun Jawa Tengah kang setya marang negara
42