AKU CINTA JAWA TENGAH
72. Panggurit: Selvi Andriyani 00001004
Jawa Tengah Ingkang Asri
Ing petenge wengi
Ku dedonga marang Gusti
Angen-angen marang Jawa Tengah
Ingkang luweh maju, lan asri
Gemah ripah loh jinawi
Jawa Tengah ingkang asri
Budaya warisan leluhur
Para pemuda-pemudi ayo pada lestarikna
Aja nganti budaya ingkang dimiliki
Direbut bangsa liya
73. Panggurit: Ganjar Triadi 00001003
Borobudur
Aku tresna panjenengan
Tresnaku bates wektu sing jembar lan adoh
Sanadyan bledeg gedhé, banjir bandang,
Lesus banter nerjang sawektu-wektu
Aku tansah tresna panjenengan
Bungah, susah tansah sumrambah
{ng tlatah Jawa Tengah
Aku tresna njagani sakiwo tengen, ngarep mburi
Kabeh penjuru angin tak awasi kanthi setiti
Amarga panjenengan simbol kadigdayan
Budaya tlatah Jawa Tengah sing adiluhung
52