Saka sisih wétan nganti sisih kulon
Saka sisih lor nganti sisih kidul
Wong ndésa lan wong kutha
Basané ya basa Jawa
Saka cah cilik nganti wong tuwa
Nyinauni basa Jawa
Unggah-ungguhing tumungkul
Mrajut mendhuwur ora kabur
Nganti mati tetep ngrembaka syukur
Sing dadékaké misuwur
Nanging apa iya kaya ngana?
Jamané obah, dadékaké drenyah
Basa lan unggah-ungguh dadi owah
Kabéh dadi salah
Sapa sing gawé mangkana
Apa rila basa Jawa digondhol karo negara liya?
Ora ta!
o.o.la.la
Ndang tangi, raupa
Terus mlayu nututi sing wis kabur
Aja nganti wong Jawa lang jawané
Ayo padha ngrembakaké
Basa lan unggah-ungguh
Budaya Jawi
80. Panggurit: Apriliana Wahyu Puspa Dewi 00001034
Lakuku ing Tlatah iki
Kabéh lakuku ing tlatah iki
Nlangsa, bungah kabeh dak tindakaké
Ana ....
57