AKU CINTA JAWA TENGAH
93. Panggurit: Mirfat Atisah 00000701
Tanahku Jawa Tengahku
Padhang jembrang tanah Jawaku iki
Wit-witané pating nreneng apik
Wong-wongé pancén santun-santun
Pancén Jawa Tengahku ayem tentrem
Wong kabéh, aja kowé rusak tanah iki
Éman-éman, yén kowé rusak
Jaga, tentremaken tanah Jawa iki
Rawat, lestarikna budaya karo keseniané
Yuk kabéh.......
Majokaké Jawa Tengah iki
Majokaké budaya karo kesenian Jawa iki
Cintaku Jawa Tengah
Tanahku Jawa Tengah
Idaman ning atiku
94. Panggurit: ka Panti Wijayanti 00000702
Jawa Tengahku
Kowé kang mangku reksa aku
Kowé kang dadikaké aku urip ing tanah iki
Saben wayah aku nyekséni
Saben wayah aku ndelengi kabudayanmu kang manéka warna
Kabudayanmu kang dadosaké jiwa ing Jawa Tengah
Lan ngiringi palakonku ing tanah iki
Mancanegara kang dadi seksi
Yén kowé nancep manteb ning atiku
68