Antologi Puisi Jawa
95. Panggurit: ka Komala Sari 00000706
Budaya Indonésia
Indonésia negri budaya bahasa lan negri kathah pesona
Gunung lan samudra ciptaan Sang Maha Kuwasa
Kathah ragam budaya kang kesebar
Ngias bangsa kang awis reginé
Salah setunggalé Jawa Tengah
Jawa Tengah daérah alit
Tapi pamunakan budayané
Lawang Séwu, Borobudur, Parangtritis
Contoh kabudayan, contoh paninggalan
Kang ora bakal saged dilalikaké
Réog Ponorogo, jaipongan, keroncong
Kesenian kang saé, ugi dilestarékake
Mangga kita sedhaya jaga kabudayan iki
96. Panggurit: Ani Farikhah 00000704
Jawa Tengah nan Endah
Sumilir angin ing wayah isuk
Swara gumrojog banyu Tawang Mangu
Bening resik banyu Bengawan
Gawé tentrem sapa sing nyaksikaké
Swasanané ayem tentrem lan éndah
Ngangenaken sapa waé sing ngrasakaké
Swara .....
69