Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/94

Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


99. Panggurit: Nunung Nilasari 00000709

Tresnaku Jawa Tengah.....

Cahya cahyaning rembulan
Cahya lan terangé....
Ngrasuk ana ing ati iki...
Anggawé rasa tresnaku marang Jawa Tengah..

Saéstu...
Tresnaku Jawa Tengah ..
Tlatah kelairanku, tumpah darahku ....
Kang aku uri-uri budayané ..
Sopan priyayiné lan tansah akéh budayané
Kang bisa narik kawigatosan turis maneanegara...

Saéstu ...
Tresnaku Jawa Tengah...
Ora bakal aku mblénjani janji
Marang apa sing tak tulis ana ing salembar
Kertas putih iki,
Nganti hayatku
Tresnaku Jawa Tengah.


100. Panggurit: Ragil Putra 00000710

“Dungaku Marang Tlatahku”

Kembang pandhan mésem marang mbulan
Tangané ngawé-awé sajak kemayu
Apa iki sing arané soréné-soré jingga
Tumuju marang wenginé-wengi biru
Sumribit angin ing lingsir wengi
Negélingaké aku lair wiwit isih jabang bayi

72