AKU CINTA JAWA TENGAH
102. Panggurit: Fiska Arianingsih Wijayanti 00000712
Tresnaku marang Jawa Tengah
Tresnaku marang Jawi Tengah
Ora bakal luntur among wektu
Tanah Jawi ingkang subur
Gemah ripah loh jinawi
Kabudayan Jawi ingkang dados jati dhiri bangsa
Tresnaku marang budaya Jawi Tengah
Nyongsong kamakmuran Jawi Tengah
Dadiya bangsa kang satuhu
Ingkang kebak kautaman
Dadiya bangsa kang adiluhung
Ingkang saged dados bangsa
Kang nyengsemaké, nentremaké lair batin
Tresnaku marang Jawi Tengah
Mèlu nguri-uri budaya Jawi
Mbangun provinsi Jawi Tengah
Dadi bangsa kang makmur rakyaté
103. Panggurit: Rokhimatul Inayah 00000713
Kutha Tepi Samudra
Swara èndah angin krungu ana talingaku
Mecah sunyining kutha tepi samudra
Angin kang sumilir
Ana ing antara nyiur klapa
Obah-obah saka tengen nganti ngiwa
Srengéngé abang mbarang
74