Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/10

Kaca iki wis divalidasi

12

WIJOSÉ SANG PAMARTA PAMARTA

***

ANADÉNÉ Jochanan bandjur munḍak-munḍak geḍéné, bareng wis diwasa, dadi wong kang dedeg-pengadegé geḍé ḍuwur, panguripané sarwa prasadja, adaté seneng nenepi ana ing ara-ara samun.

Ana ing kono sinambi ngentèni tibaning saat Gusti Allah nimbali, perlu kautus marang umat kagungané lan nglantaraké ḍawuh „Pada mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak.”

WIJOSÉ SANG PAMARTA

KATJARITA, ana wong loro, lanang lan wadon, paḍa bebarengan lumaku saka Nasarèt menjang Bètlechèm. Parané adoh, lakuné rekasa, ngliwati dalan sing rumpil lan sungil; bareng wis olèh sawetara dina, mbeneri wajah soré ngarepaké surup srengéngé, saka ing kadohan katon putih-putih témboking kuṭa Bètlechèm ing sela-selaning punṭuk-punṭuk sing pating djenggeleg. Wong loro mau wis wiwit ajem atiné, awit kuṭa sing diparani wis tjeḍak. Sapa ta wong loro mau? Sing wadon iku Marjam, „kang pinilih déning Allah saka antarané sakèhé wong wadon”, lan sing lanang Jusup, garwané.

Seḍéla engkas lakuné wis tekan, mesṭiné bandjur bisa ngasokaké awaké sing sajah ana ing lusmèn utawa panginepan.

Kurang seḍéla engkas .... lakuné digelak supaja énggal tekan.

Mungguha ditari, mesṭiné pilih ora lunga-lunga saka Nasarèt katimbang ndadak lumaku adoh menjang Bètlechèm, tur lakuné rekasa banget, nanging wong loro mau mung saderma nglakoni ḍawuh kudu budal menjang Bètlechèm.

Keprijé mula bukané? Sang prabu Agustus, ratu binatara sing ngerèhaké kradjan Rum, wis njebar ḍawuh, supaja kabèh wong sing dumunung ing tanah wewengkoné ditjatjahaké pira gunggungé. Mengkono uga tumrap wong Israèl. Saben wong sing manggon ana ing tanah Kanaan kudu mulih menjang tanah asal kamulané para leluhuré ḍéwé-ḍéwé. Mulané Jusup lan Marjam ija kudu ninggal désa panggonané menjang Bètlechèm, jaiku désa asal-kamulané radja Dawud, nalika isih nḍèrèk Isai kang rama, angon weḍus ana ing ara-ara sinambi nganggit lan ngidungaké masmur pamudji.

Marjam lan Jusup mau pantjèn isih tedak-turuné sang Prabu Dawud, mung katjèké saiki wis tumiba ing kemlaratan. Upama ora mengkonoa rak wis mesṭi nunggang kuldi lelungan saka Nasarèt menjang Bètlechèm. Jusup iku mung dadi tukang kaju ing désa Nasarèt, lan Marjam ija ora tau kawentar isih teḍaking nata.

Éwadéné ....

Jusup mau kasok sih lan setyané marang Marjam. Wis tau Malaékaté Pangéran ngatingali Jusup ana ing pangimpèn perlu maringi pirsa bab kabungahan geḍé sing bakal kelakon, ḍawuhé: „Marjam somahmu bakal mbabar putra kakung, iku sira namakna Jésus, marga ija iku kang bakal ngentas bangsané saka ing dosané.”

Marga saka iku katresnané Jusup marang Marjam saja mantep. Mung wong loro mau sing paḍa ngerti bab kaélokan kang bakal kelakon. Polatané katon sumringah paḍang mengku kabungahan geḍé, djalaran rumangsa pinitaja njimpen wewadi kang adjiné ngungkuli radjabrana.

Saja tjeḍak karo omah panginepan, saja akèh wong ana ing dedalan. Pantjèn nalika semono lakuné wong ing dalan-dalan ndilir paḍa ndjudjug kuṭa Bètlechèm perlu arep ditjatjahaké. Nanging wong semono kèhé iku ora ana sidji baé sing sapa-aruh marang Marjam lan Jusup, djalaran paḍa ora wanuh, tur kabèh lagi paḍa ribut merlokaké butuhé ḍéwé-ḍéwé. Wong sakloron mau paḍa nerusaké lakuné karo mlipir-mlipir, ngener menjang ing omah panginepan, daja-daja bisaa ngasokaké awaké sing wis sajah banget. Apa sing bakal kelakon ing bengi iku, mung Gusti Allah pijambak kang pirsa.

WEKASANÉ wong loro mau wis tekan ing omah panginepan. Jusup lan Marjam wis nitjil bungah, awit seḍéla engkas bakal bisa ngaso. Nanging saiba gela lan tjuwané, djalaran omah panginepan wis kebak wong, ora ana panggonan sidji baé sing isih sela, mangka ija ora ana wong sing gelem ngalah nglijeraké panggonané marang Jusup lan Marjam. Bareng wis tita ora bisa uman panggonan ana ing djero omah, bandjur golèk panggonan ing sadjabané omah, jaiku ana ing kandang, ana ing kono, awor karo kuldi lan djaran, isih bisa olèh papan pangasoan. Jusup énggal golèk damèn, didjèrèng-djèrèng ana ing lemah dienggo paturoné Marjam sing wis krasa lungkrah awaké déning sajah banget.

Nanging kotjapa, ana ing kanḍanging kéwan kono, ing panggonan sing sepi wong, lan ija ing bengi iku uga ana lelakon sing adi-aèng lan sing ora bakal kelakon manèh ana ing donja. Ana ing kono Gusti Jésus, ija kang kawastanan Putrané Kang Mahaluhur, mijos, ngagem sarira djabang baji sing tanpa daja lan sepi banda. Ora ana baji sing nalika lair mlaraté kajadéné baji sing dilairaké ana ing kandang kéwan.

Sadurungé lair durung diseḍijani sanḍangan baji, mulané bajiné mung digeḍong nganggo gegombalan supaja adja kaḍeman.