Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/101

Kaca iki wis divalidasi

102

LASARUS MATI KATANGÈKAKÉ

***

NANGING Gusti Jésus ija miḍanget apa sing dadi udjaré para sekabaté, apadéné ija mirsa enggoné paḍa nunḍungi wong-wong wadon lan anak-anaké. Ing kono Gusti Jésus bandjur duka banget. Para sekabat enggoné arep rumeksa marang Gustiné malah ora ndadèkaké keparengé. Gusti Jésus kepareng ing galih disowani botjah-botjah mau, kepareng uga dadi Mitrané, malah kepareng dadi Djuru Slameté, awit saka geḍéning sihé marang botjah-botjah mau. Pangandikané marang para sekabat mengkéné: „Tjikbèn botjah-botjah paḍa marek marang ngarepku, adja dipenggak ....” Para sekabat bandjur paḍa mundur sanalika. Gusti Jésus njasmitani wong-wong wadon mau supaja ngadjokaké anak-anaké. Pasurjané Gusti Jésus katon sumèh lan rena banget nampani pisowané botjah-botjah mau, lanang lan wadon ora dibédak-bédakaké; kabèh paḍa katon seneng lan ora ana sing wedi, malah katon paḍa lulut banget marang Gusti Jésus. Botjah-botjah mau enggoné paḍa njawang lan marek Gusti Jésus ora nganggo rasa was lan sumelang, djalaran atiné isih resik, durung kulina ngoṭak-aṭik gagasan sing néka-néka, anané mung tansah pasrah lan suméndé. Mulané rena ing galih enggoné Gusti Jésus nampèni pisowané botjah-botjah mau, paḍa dirangkuli lan diberkahi .... Malah ḍawuhé Gusti Jésus mungguh ing botjah-botjah mau mengkéné: „Wong kang kaja botjah-botjah iku kang paḍa nduwèni kratoné swarga.”

Kraton swarga, dalemé Allah kang mulja, iku mung kena digajuh ing wong-wong sing paḍa kaja botjah-botjah wataké. Lumrahé wong diwasa iku enggoné marek ing ngarsané Gusti Jésus, wis ora lamba atiné. Ana ing duwé rasa wedi lan isin, ana sing wis ngrantam-rantam enggoné arep njoba lan nglawan Gusti Jésus, ana manèh sing mung arep nonton baé, djalaran rumangsa wis ora mbutuhaké pitulungan. Dadi wong diwasa iku atiné wis kebak gagasan néka-néka, ora kaja botjah-botjah sing atiné isih lamba, sing mung rumangsa begdja lan bungah bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus, ora duwé gagasan sing, mengkéné utawa mengkono, anané mung pasrah lan suménḍé, pratjaja mareng Gusti Jésus klawan gumolong atiné. Botjah-botjah paḍa bisa ngrasa sepira geḍéning sih katresnané Gusti Jésus marang awaké ....

ING kono Gusti Jésus bandjur mangandikani wong-wong sing paḍa njawang lelakon iku mau, sing atiné wis kebak gagasan warna-warna, ḍawuhé: „Satemené pituturku ing kowé: Sing sapa ora kaja botjah enggoné nampani kratoné Allah, iku mesṭi bakal ora lumebu ing kono!”

Kira-kira wong-wong mau bisa njanḍak kersané Gusti Jésus, nalika ngandika mengkono iku. Enggoné paḍa marek ing ngarsané Gusti Jésus iku kudu kaja botjah-botjah mau, atiné kudu isih lamba, mung pasrah lan pratjaja, burus lan djudjur, ora nedya nutup-nutupi dosané. Gusti Jésus kepareng mitulungi, malah kepareng mberkahi. Malah Pandjenengané ija kepareng njawisi urip langgeng ana ing swarga, ing ngarsané Allah, — waton wong-wong mau paḍa pratjaja marang Pandjenengané, kaja patrapé, botjah-botjah mau!

LASARUS MATI KATANGÈKAKÉ

ORA adoh saka negara Jerusalèm ana désa tjilik aran Bètani. Ing désa kono ana wong telu sasedulur, jaiku Marjam, Martha lan Lasarus seduluré lanang. Sedulur tetelu mau kalebu wong betjik, akèh pawong mitrané ana ing kalangané, wong geḍé utawa wong tjilik. Malah Gusti Jésus pijambak ija kagolong mitrané. Pandjenengané asring rawuh ing omahé Lasarus lan seduluré wadon, perlu lerem sawetara ana ing panggonan sing tentrem, jaiku ing désa tjilik Bètani.

Kotjapa omahé para mitrané Gusti Jésus kambah ing kaprihatinan. Lasarus lara, malah larané mbebajani. Marjam lan Martha seḍih banget ngrasakaké seduluré sing lara. Gèk keprijé polahé jèn seduluré lanang nganti tumeka ing pati, mangka mung sidji kuwi? Mulané bandjur paḍa kongkonan nggolèki Gusti Jésus ana ing laladané kali Jardèn, lan paḍa diweling mundjuk: „Gusti, samangké kekasih Tuwan sakit.”

Saupama Gusti Jésus pirsa jèn Lasarus lara banget, Pandjenengané mesṭi tumuli rawuh! O, muga-muga Gusti Jésus énggal-énggal rawuh!

Saungkuré kongkonan, larané Lasarus munḍak banget. Marjam lan Martha ora kurang-kurang enggoné setijar mulasara seduluré sing lara; sawernaning djamu wis ditamakaké, nanging larané Lasarus semu-semuné madal tamba .... ing wekasané Lasarus mati.

Marjam lan Martha banget enggoné kapetel ing seḍih, kélangan sedulur lanang sing dadi sapu-kawaté. Saiki sapa sing bakal dadi andel-andelé? Omahé saiki sepi njenjet, djagad sing ramé saiki katoné mung kaja ara-ara samun .... O, enggoné paḍa nglakokaké kongkonan iku tanpa guna. Saupama Gusti Jésus rawuh, ija wis kasèp, awit Lasarus wis mati ..

Sawisé diulesi, lajoné bandjur diuntapake menjang ing pakuburan, kasèlèhaké ana ing kubur kang aḍapur guwa, katutupan ing watu minangka inebé. Ing kono panggonan sume-