Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/118

Kaca iki wis divalidasi

118

KURANG SAWETARA DINA

***

pinundjul, lan wani njenjamah lan njawijah marang Putrané Allah .... sarta nganti Pandjenengané ditjepeng lan disédani. Kurang sawetara dina, bandjur ....

Nanging — ing tembé bangsa mau bakal nampani paukuman.

Bab bakal tekané sangsara geḍé iku dipangandikakaké déning Gusti Jésus marang sekabat klawan tetembungan kang banget nrenjuhaké ati.

ING sédje dina Gusti Jésus ija ngandika marang wong golongan mungguh waktu kang bakal nekani sarana pasemon.

Ana wong sugih gawé pakebonan anggur, kang dipageri mubeng, disaḍijani kowèn pamipitan lan digawèkaké panggung pangungakan.

Sawisé dipadjegaké marang wong among tani, wong sugih mau bandjur lelungan menjang ing tanah mantja.

Bareng wis wajahé panèn anggur, wong sugih mau kongkonan batur sidji nemoni wong tani dipurih nampani panduman pametuné pakebonané sumurup ing padjegé .... Nanging sing duwé pakebonan mau ketjuwan banget atiné. Djalaran satekané batur mau ana ing pakebonan, bandjur ditjekel lan digitiki sarta ditulak bali legèh.

Wong sugih mau bandjur kongkonan batur lijane manèh, pangarep-arepé supaja wong among tani mau paḍa elinga marang kasaguhané, nanging baturé malah dibenturi watu nganti tatu sirahé, bandjur ditulak lan diwirang-wirangaké.

Senadjan wong among tani mau wis ketatalan jèn ambek tjulika lan ala, éwasemono wong sugih mau ora kentèkan kasabaran, isih kongkonan batur lijané manèh, nganti bola-bali; ana sing dipilara, malah ana sing dipatèni. Wis tjeṭa banget, jèn kasabarané wong sugih mau ora ndadèkaké kenḍaking angkara-murkané wong among tani, sing bebasané wis mbeguguk nguta waṭon.

Dené wong sugih mau mung kari duwé wong sidji sing kena dikongkon, jaiku anak lanang sing dikasihi. Ing wekasané anaké lanang mau ija dikongkon menjang ing pakebonané anggur, osiké: „Jèn sing teka mrana anakku ḍéwé, mesṭiné wong-wong iku paḍa éring lan ora wani genḍak-sikara!”

Nanging bareng paḍa weruh jèn sing teka saiki anaké sing duwé pakebonan, wong-wong tani mau malah paḍa sapotjapan: „Lah iku ahli-warisé, pajo dipatèni, lemah pakebonan iku kita kang duwéni!” Anaké wong sugih mau bandjur ditjekel, dipatèni lan dibuwang ing sadjabané pakebonan.

NALIKA Gusti Jésus mungkasi pasemon iku mau, bandjur ndangu mengkéné: „Kang iku wong among tani mau bakal dikapakaké déning kang duwé pakebonan, samangsa teka ḍéwé mrono?” Kang kadangu paḍa mundjuk: „Tijang durdjana mekaten punika mesṭi sami dipun tumpes kalijan sija-sija, sarta pakebonanipun dipun padjegaken ḍateng tijang among tani sanèsipun, ingkang baḍé ngladosaken pamedalipun ing kala mangsanipun.”

Para pangarepé imam lan para Farisi, bareng ngrungu ḍawuh pasemoné iku, mung paḍa meneng baé, nanging satemené paḍa nggegem watu, djalaran wis rumangsa jèn awaké sing disemoni. Para ulama mau wis paḍa njanḍak jèn wong sugih sing madjegaké pakebonané anggur marang wong among tani iku mralambangi Gusti Allah pijambak kang maringake tanah kang mili powan lan madu iku marang bangsa Israèl. Nanging umat Israèl iku ora tau njaosaké panuwun sokur marang Allah, lan ora tau ngantepi katresnan lan kasetyané. Ing djaman bijèn akèh para nabi utusané Allah nekani bangsa mau kaḍawuhan ngelingaké, nanging malah paḍa dikaniaja lan dipatèni. Gusti Allah tansah nandukaké kasabaran marang umat kagungané nganti ambal-ambalan Gusti Allah ngutus para abdiné, nanging bangsa Israèl tansah mang kotaké atiné .... Lan wekasané Gusti Allah bandjur ngutus Kang Putra ontang-anting marang djagad, ija marang bangsa Israèl ....

Nanging wong iku? .... Para ulama paḍa gregetan ngrasakaké Rabbi saka Nasarèt iku! Apa wong iku arep mlimpingi jèn awaké iku dadi Putrané Allah lan para ulama dadi wong among tani sing ambek angkara-murka? Lan apa arep njemoni enggoné para ulama golek rékadaja njirnakaké wong iku lan ing wekasané kudu nampani paukuman? Lan apa tanah pusaka tilarané para leluhur ing tembé bakal kaparingaké marang bangsa lija? ....

Wah, kok medjanani temen wong iku! Mokal jèn wong iku kena digugu tembungé! Piwulangé kabèh iku goroh lan ngajawara! ....

Nanging satemené pangandikané Gusti Jésus iku kabèh njata. Apa sing diḍawuhaké mau kabèh bakal kelakon lan paukuman tumrapé bangsa sing murang sarak iku mesṭi bakal nekani!

ANA manèh pangandikané Gusti Jésus bab prakara-prakara kang bakal kelakon, nanging pangandikané saiki isi panglipur tumrap para sekabat lan tumrap para murid lija-lijane sing paḍa trésna murang Gusti Jésus. Kurang sawetara dina Panjenengané bakal nilar djagading karaméan bandjur