Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/119

Kaca iki wis divalidasi
SAMANGSA KOWÉ PAḌA WERUH PANGÉWAN-ÉWANING PANGRUSAK

sumengka kondur menjang swarga, sowan marang ngarsané Kang Rama, nanging .... ing tembé Pandjenengané bakal rawuh manèh.

Bab prakara mau dipangandikakaké sarana pasemon.

Ing sawidjining negara ana wong duwé gawé mantu. Nalika pangantèné lanang metu diarak mitra-mitrané menjang omahé pangantèn wadon, wong-wong sing kari wis paḍa tata-tata arep meṭuk baliné pangantèn. Mengkono tata-tjarané ing negara mau.

Ana prawan sepuluh sing paḍa arep mèlu meṭuk pangantèn, buḍalé saka omahé paḍa nggawa damaré ḍéwé-ḍéwé, awit wajahé wis bengi. Wong-wong sing paḍa meṭuk ngentèni ing dalan; mengko jèn pangantèné teka, bandjur arep paḍa nggrubjug mèlu ngarak pangantèn nganti mlebu ing papaning karaméan. Wong-wong sing paḍa arep ngarak pangantèn mau kabèh nggawa damar, ora ana sidji baé sing ora tjumawis damaré. Ing sauruting dalan katon paḍang déning urubing damar pating klentjar, kabèh mau minangka pakurmataning pangantèn.

Kotjapa prawan sepuluh mau, sing lima tanpa pikir, sing lima pinter. Prawan sing tanpa pikir mau enggoné nggawa damar ora nganggo nggawa anḍungan lenga, dadi samangsa damaré mati, ora ana sing kagawé ngedjogi, kosokbaliné prawan sing pinter paḍa nggawa lenga anḍungan ana ing waḍahé.

Sarèhné suwé enggoné paḍa ngentèni, mangka pangantèné durung padja-padja teka, prawan mau dadi karipan kabèh nganti paḍa keturon, lan damaré dienggeng murub, temah suwé-suwé lengané entèk.

Bareng wajah tengah bengi dumadakan ana alok-alok: „Pangantèné teka, pangantèné teka, pada peṭuken!” Prawan sepuluh mau tumuli paḍa tangi kabèh, bandjur wiwit nata damaré; damar sing wis entèk lengané bandjur paḍa diedjogi lan disumed. Nanging bareng prawan sing tanpa pikir arep nata damaré, banget kagèté, djalaran lengané wis entèk, mangka ora nggawa lenga anḍungan, mulané bandjur paḍa nembung marang kang pinter: „Aku mbok paḍa kotulungi lengamu, awit damarku wis entèk lengané! Jèn ora kotulungi, aku mesṭi paḍa ora bisa mlebu ing papaning karaméan.” Nanging prawan sing pinter paḍa mangsuli: „Adja, supaja aku lan kowé adja nganti paḍa ketjupetané, angur paḍa menjanga enggoné kang adol, tukua ḍéwé.” Salungané prawan sing tanpa pikir mau tuku lenga, pangantèné teka, ramé suraké wong-wong sing paḍa mangajubagja tekané pangantèn, bandjur paḍa diarak mlebu ing bawa-