Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/127

Kaca iki wis divalidasi

***

GÈTSÉMANÉ

127

karo Gustiné, kaja-kaja ora kena ginggang seḍéla baé ... Nanging Gusti Jésus nguningani batiné para sekabat, luwih tjeṭa katimbang para sekabat ḍéwé. Pangandikané Gusti Jésus klawan seḍih: „Ing sawengi iki kowé bakal paḍa ketjuwan krana Aku, awit ana tulisan mengkéné: Ingsun bakal nggebag marang djuru pangèn, sarta para weḍus panunggalaning panṭané bakal paḍa pating slebar.” Para sekabat paḍa mangsuli undjuke: „Ḍuh Gusti, punapa inggih kelampah kawula sami nilar ḍumateng Tuwan? Kawula sampun sami tunggil tékad nḍèrèk Tuwan!” Déné Pétrus bandjur mundjuk ḍéwé: „Gusti, sanadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun, Kawula tjumaḍang mbélani Tuwan, sanadjana dumugi ing kundjara utawi ing pedjah pisan, kawula baḍé ngetohaken njawa kawula nglabuhi Tuwan!” Nanging Gusti Jésus mangsuli pangandikané: „Kowé apa bakal ngetohaké njawamu nglabuhi Aku? Satemen-temené pituturku ing kowé: Ing dina iki bakal ora ana djago kluruk, sadurungé kowé ngaku ora wanuh marang Aku nganti ping telu.”

„Ngaku ora wanuh marang Gustiné? Njélaki? Malah ing dina iki sadurungé djago kluruk? .... Ing salawas-lawasé ora bakal kelakon aku njélaki Gustiku!” mengkono gagasané Pétrus. „Adja sing mung lara, senadjan tekan ing pati pisan, aku ora bakal mundur nglabuhi Gustiku!” Mulané Pétrus mundjuk manèh: „Senadjan ngantosa pedjah mbélani ing Tuwan, mesṭi boten pisan-pisan kawula sélaki.” Kaja mengkono uga undjuké para sekabat kabèh.

KOTJAPA tindaké Gusti Jésus kaḍèrèkaké déning para sekabat njabrang ing kali Kidron, andjog ing dalan kang munggah ing gunung Zaitun. Ing kono ana patamanan kang aran Gètsémané. Gusti Jésus bandjur mlebet ing patamanan kono, kaḍèrèkaké déning para sekabat. Panggonané sepi lan peteng, nanging para sekabat ora kagèt, djalaran Gusti Jésus asring kempalan karo para sekabat ana ing kono. Mesṭiné saiki Gusti Jésus ngersakaké ndedonga manèh kaja adaté.

Sarawuhé ing patamanan mau, para sekabat pada kaḍawuhan ngentèni ana ing satjeḍaké lawangan, awit Gusti Jésus ngersakaké ndedonga. Pétrus, Jochanan lan Jacobus kang paḍa kaḍawuhan nḍèrèk mlebu ing patamanan. Sekabat telu mau kira-kira paḍa kélingan nalika kaḍawuhan munggah ing gunung lan paḍa njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus santun tjahjaning sarirané lan ngagem kamuljan. Déné saiki apa sing bakal kelakon? Apa ija bakal diparengaké ndeleng kamuljané Gustiné manèh?

Nanging sadjeroné paḍa nḍerek ing sawingkingé Gusti Jésus, sekabat telu mau dumadakan paḍa kuwur atiné bareng ngrungu pangesahé Gustiné, nalika ngandika: „Banget prihatin njawaku, kongsi kaja ndadèkna mati. Kowé paḍa tunggua aria ing kéné, Aku réwangana melèk.”

Gusti Jésus bandjur ngladjengaké tindaké nganti sawetara dohé, tumuli sumungkem wedanané .... Sekabat telu mau paḍa ngentèni, wis mantep pikiré arep mbélani Gustiné samangsa ana baja pekéwuh nekani, bandjur paḍa lungguh ana ing suketan, djaga-djaga jèn ana timbalan.

Bareng wis misah saka sekabaté, bandjur djèngkèng ndedonga. Panggalihé kataman ing giris kang banget. Aturé: „Ḍuh Rama, menawi kepareng. Tuwan mugi njingkiraken tuwung punika saking kawula ....”

Nalika semono wis tekan wajahé nanḍang sangsara. Gusti Jésus banget ngungun lan kasungkawan. Satruné wis tjeḍak, Pandjenengané bakal ditjepeng, dipepejok lan dipilara, lan wekasané bakal ngalami séda kinaniaja .. Satemené bab lara lan pati iku ora banget-banget enggoné gawé giris, sing luwih nggegirisi jaiku: Pandjenengané kedjibah ngrembat dosané djagad!

Dosa iku mung tansah gawé giris ....

Mangka Gusti Jésus iku maha sutji, ora tau nglampahi dosa, Pandjerengané mung tansah mitulungi, nglipur lan marasaké, djebul saiki kedjibah nampèni paukuman tumrap ing dosa sing dilakoni déning wong sadjagad. Jèn Pandjenegané kedjibah njanggi paukuman, iku prasasat Pandjenengané pijambak sing nglampahi dosa. Prakara iku sing ndadèkaké Gusti Jésus nganti kasungkawan lan giris banget, kongsi kaja ndadèkna mati .... Sakèhing siksa lan sangsara sing bakal tumempuh ing sarirané iku upamané kaja déné wisa sing diwaḍahi ing tuwung kasaosaké marang Gusti Jésus supaja kaundjuka. Mulané aturé ana ing pandonga: „Menawi kepareng, Tuwan mugi njingkiraken tuwung punika saking kawula.” Éwadéné, senadjana banget enggoné kapetek ing sungkawa lan giris, Pandjenegané isih kuwawi mundjuk: „Semanten ugi sampun ngantos sakadjeng kawula, namunga ing sakarsa Tuwan!” .... Ing kono wis tetéla jèn Gusti Jésus pasrah djiwangga marang Allah Sang Rama kang ana ing swarga, senadjan ndjalari sungkawa lan giris kang banget.

Sawisé ndedonga, Gusti Jésus bandjur rawuh ing panggonané para sekabat sing diḍawuhi ngentèni lan ngréntjangi melèk. Sekabat mau satemené pada ora bisa njaosi pitulungan