Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/150

Kaca iki wis divalidasi

150

GUSTI JÉSUS KASARÈKAKÉ

***

sugih. Sawisé mengkono, lawangané kubur bandjur ditutup nganggo watu geḍé ....

Nalika semono wajahé wis surup srengéngé; paḍanging raina larud kalinḍih déning petenging wajah bengi.

Para mitrané Gusti Jésus bandjur paḍa mulih bebarengan, nanging lenging gagasané ora lija mung marang Gustiné sing wis sumaré.

Nikodémus, panunggalané wong Farisi, sing wis tau sowan ḍeḍmitan ing wajah bengi ana ing ngarsané Gusti Jésus, kélingan apa sing diḍawuhaké nalika semono. Pangandikane Gusti Jésus mengkéné: „Kaja rerékan ula enggoné disengkakaké déning Musa ana ing pasamunan, ija mengkono uga Putrané manusa enggoné pinesṭi kasengkakaké.” Nalika ngrungu pangandika mau, Nikodémus ora bisa ngerti apa tegesé, nanging saiki bareng wis ndeleng Gusti Jésus kasalib, Nikodémus wis ora kesamaran manèh mungguh wigatining pangandika mau. „Putrané manusa pinesṭi kasengkakaké” iku ateges: Gusti Jésus kasengkakaké ing kaju salib.

„Supaja saben wong kang ngugemi utawa kang pratjaja marang Pandjenengané, adja kongsi nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.”

Saiki Nikodémus ora mangu-mangu manèh mungguh ḍawuhé Gusti Jésus : Pandjenengané iku kang djuneneng Djuru Slamet, kang pinesṭi séda supaja ngangsalaké rahajuning djagad lan miludjengaké para manusa, mengkono uga Nikodémus, wong Farisi ....

KOTJAPA ing kuṭa Jerusalèm, ing dina Sabbat iku wong Jahudi kabèh paḍa lèrèn netepi ing angger lan paḍa nindakaké pangibadahé kondjuk marang Allah.

Keprijé mungguh batiné wong-wong Jahudi mau?

Nalika Gusti Jésus wis kasalib lan wis tjeṭa séda, atiné para imam lan wong Jahudi lijané paḍa ngrasakaké léga, djalaran wis bisa ngasoraké mungsuhé lan ngulapi klilipé, dadi ing wekasané para ulama ora wurung olèh kaunggulan. Ing sabandjuré wong golongan bakal paḍa kèlu manèh marang wulang-wuruké para ulama, lan sarèhné Rabbi saka Nasarèt wis sirna, sapa manèh sing bakal paḍa dibangun-turut lan diadji-adji kedjaba para imam, para ulama apadéné para ahli kitab mau? Ing sabandjuré para pangarepé wong Jahudi mau bakal bisa nutjèkaké dina Sabbat manut ing surasaning anggér-anggér klawan ati tentrem .... Éwasemono kaḍang-kaḍang atiné kaja-kaja ana sing ngélingaké marang ananing lelakon sing ora lumrah, sing kelakoné mbarengi sédané Gusti Jésus; nanging lelakon mengkono mau sabisa-bisa diedohaké saka ing atiné .... Prakara sing wis kepungkur, ora perlu dipikir manèh; anané sing tinemu saiki, wis betjik kabèh.

Sing unggul para ulama! Sing kasoran Rabbi saka Nasarét!

NANGING .... Para ulama mau durung djendjem pikiré, djalaran kélingan pangandikané Rabbi saka Nasarèt, jèn sawisé séda bakal wungu saka ing antarané wong mati .... Mesṭi baé para ulama paḍa ora ngandel lan prakara mau dimokalaké. Nglengkara ana wong mati bisa tangi manèh!

Nanging keprijé, jèn para sekabaté bandjur paḍa teka ing pakuburané ing wajah bengi lan njolong djisimé, sarta kanḍa-kanḍa marang wong akèh jèn guruné wis tangi saka ing antarané wong mati? .... Temahan wong akèh bakal paḍa ngandel marang udjaré para sekabat lan wusanané bakal paḍa ngira jèn Jésus Nasarani iku sanjata kang djumeneng Sang Mesih.

Prakara iku kudu didjagani adja nganti bisa kelakon!

Dadiné para imam, para ulama, para pangarepé wong Jahudi lan para ahli kitab paḍa ngrijajakaké rijaja sing sutji, nanging atiné meksa nganḍut was lan sumelang.

Mulané wong-wong mau bandjur paḍa sowan ing ngarsané Pilatus sarta njuwun supaja nḍawuhaké préntah ngreksa pasareané Gusti Jésus. Pradjurit sikep gegaman sabregada kaḍawuhan djaga ing ngarepé pasaréan, apadéné watu tutuping pasaréan diètjapi nganggo etjapé pamaréntah .... Sapa-sapa sing wani nglèṭèk utawa ngrusak ètjap mau, mesṭi bakal kapatrapan paukuman. Wah, sapa sing wani tumindak mengkono lan sapa sing wani ngajoni pradjurité Pilatus sing pepak gegamané?

Rékadaja mengkono mau perluné supaja Jésus Nasarani sing dianggep dadi klilipé iku sirna ing salawas-lawasé.

Sing menang para ulama! Sing kasoran Jésus Nasarani!

OMAH panggonané para sekabat lan para muridé Gusti Jésus lanang lan wadon paḍa ngrijajakaké rijaja Paskah kalimputan ing kaprihatinan; polatané wong-wong mau katon suntrut lan seḍih, djalaran apa manèh sing isih kena diarep-arep, jèn Gusti lan Guruné wis ngalami séda lan sumaré ing pakuburan? Kabèh sing dadi pangarep-arepé wis katut kakubur; anané sing tinemu mung seḍih lan prihatin.

Para murid mau ora ana sidji sing kélingan marang kamuljan sing diprasetyakaké déning Gusti Jèsus nalika sugengé. Sing paḍa digagas mung bab sangsarané Gustiné lan bab kapri-