Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/159

Kaca iki wis divalidasi

***

ANA ING PINGGIRÉ SEGARA TIBÉRIAS

159

ING dina Achad malem Senèn iku uga para sekabat paḍa bisa ngrasakaké patunggilané Gusti Jésus sing kepareng rawuh ana ing tengahé, temah paḍa kalipur lan kabangun pratjajané ....

ANA ING PINGGIRÉ SEGARA TIBÉRIAS

LET sawetara dina sawisé Gusti Jésus wungu.

Ing tengah segara Galiléa, ija sok disebut segara Tibérias, ana prauné wong misaja iwak kombak-kombul katut obahing banju segara. Sawengi muput wong-wong sing paḍa ana ing prau mau enggoné nibakaké djalané, nanging paḍa ora olèh apa-apa, mangka wajahé wis bangun ésuk, langit ing bang wétan wis trontong-trontong semburat abang ....

Wong sing paḍa nunggang prau mau tjatjahé pitu, kabèh paḍa sekabaté Gusti Jésus. Sawisé paḍa ngalami kaélokan sing wiwitané njeḍihaké, nanging wekasané mbungahaké, sekabat mau bandjur paḍa menjang ing tanah Galiléa, mulih menjang désa asalé ing pinggir segara.

Ing sawidjining dina nalika paḍa ngumpul, Pétrus kanḍa marang kantjané: „Daklunga golèk iwak.” Sauré kantjane: „Aku ija paḍa mèlu kowé.”

Iku mula bukané sekabat pepitu mau tinemu ana ing tengah segara lagi paḍa misaja iwak. Wong pitu mau paḍa durung lali panggawéané sing lawas, panggonan-panggonan sing bijén adaté akèh iwaké, wis diubres, tur wajahé kanggo misaja wis meneri banget jaiku ing wajah bengi, éwadené iwak sidji baé ora ana sing kesasar ing djalané ....

Néka-néka sing digagas para sekabat nalika rékadajané golèk iwak ora oleh gawé. Lelakon ing segara ing wajah wengi uga muntjul ing gagasané: nalika semono lagi paḍa lelajaran ana ing segara kono uga, dumadakan prauné katempuh ing prahara nggegirisi, mangka Gusti Jésus kepati enggoné saré. Nanging bareng Pandjenengané wis wungu, bandjur djumeneng ndukani segara lan prahara, temah praharané sirep sanalika .... Ana manèh sing kelingan nalika paḍa wedi banget, djalaran katekan memedi, djebul sing dikira memedi iku Gusti Jésus pijambak sing tindak ngambah ing banjuné segara kaja ngambah ḍaratan baé.

Nanging bareng saiki paḍa nindakaké rékadaja ḍéwé, para sekabat paḍa ora olèh apa-apa.

NALIKA wis bangun ésuk, prauné dipinggiraké mèh tekan ing gegisik, para sekabat bandjur krungu dibengoki wong sing ngadeg ana ing gegisik, nanging para sekabat ora ngerti sapa wong iku, awit isih rada peteng. Udjaré wong mau: „Botjah-botjah, apa paḍa ora deduwèn lawuh?” Wangsulane: „Boten; sedalu muput kula sami boten angsal punapa-punapa!” Udjaré wong mau maneh: „Djalané tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal paḍa olèh.”

Para sekabat mau bandjur paḍa pandeng-pinandeng, awit ora ngerti sapa sing paring ḍawuh, dadiné madju mundur enggoné arep tumandang. Nanging apa alané njoba sepisan engkas, bokmenawa wong sing ngadeg ing gegisik luwih awas pandelengé, bisa weruh panggonan sing akèh iwaké .... Bokmenawa para sekabat ija kélingan sing wis kepungkur, nalika diḍawuhi Gusti Jésus nibakake ing panggonan sing djero, temah oleh iwak nganti rong prau kebak ....

Para sekabat bandjur nindakaké apa sapréntahé wong mau. Djalané ditibakaké ing banju, bareng arep ditarik, rasané kaja ana sing nggonḍèli, djalaran wis kebak iwak, mulané disèrèd minggir ing pentasan.

Lelakon mau mbuka nalaré para sekabat, ngélingaké marang lelakon sing wis kepungkur. Bareng ngawasaké wong sing lagi ana ing gegisik, sanalika ngerti sapa wong iku. Malah Jochanan mbisiki Petrus: „Iku Gusti!” Simon Pétrus, bareng ngrungu jèn iku Gusti, bandjur nganggo djubah lan sabukan, njegur ing segara, njabrang menjang ḍaratan. Sing dipikir mung bisaa tumuli ngaḍep ana ing ngarsané Gustine.

SAMENTASÉ ing ḍaratan Pétrus bandjur marek ing ngarsané Gusti Jésus. Para sekabat lijané paḍa nusul, djalané sing kebak iwak disèrèd munggah ing ḍaratan.

Para sekabat paḍa kaéraman weruh ana geni ireng, lan ana iwak tumumpang ing geni mau lan ana roti. Nanging ing atasé Gusti Jésus, sing naté maringi pangan wong limang èwu luwih, prakara mau dudu apa-apa. Gusti Jésus bandjur ngandika: „Ndjupuka iwak sawetara olèhmu lagi mentas iki.”

Pétrus bandjur énggal tumandang nḍuḍah djalané, diréwangi kantja-kantjane; djalané kebak isi iwak geḍé-geḍé, bareng diétung ana satus sèket telu. Senadjan semono kèhé, djalane ora nganti beḍah.

Sarampungé enggoné paḍa nandangi pagawéane, para sekabat bandjur ditimbali Gusti Jésus, ḍawuhé: „Mrénéa, pada sarapana.” Gusti Jésus tumuli menḍet roti sing wis tjumawis ing kono, apadéné iwaké diparingaké marang para sekabat. Sing paḍa digawé sarapan mung roti satjuwil lan iwak loh, nanging tumrapé para sekabat sing ora njana ketemu karo Gustiné, sarapan sing pasadja mau adjiné ngungkuli bodjana andrawina,