Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/167

Kaca iki wis divalidasi

***

ANANIAS LAN SAFIRAH

167

para imam, diḍabjang menjang ngarepé pradata, nanging—para imam lan para pinituwa paḍa ora wani ngetrapi paukuman, sebab ora tinemu nalaré enggoné arep matrapi, apa manèh wong golongan katara paḍa ngéloni para rasul.

Pétrus lan Jochanan paḍa dipatjuhi klawan pangantjam-antjam kang banget adja nganti paḍa duwé pitutur manéh marang sadéngaha wong bab asma Jésus. Nanging Pétrus lan Jochanan paḍa ora wedi, malah wani mangsuli jèn satemené paḍa ora bisa meneng baé lan rumangsa kadereng njaritakaké sakèhing prakara sing wis disumurupi lan bab karahajon sing ditampani ana ing atine. Wangsulané para rasul mau: „Sampun dados karsanipun Allah, bilih kula sami martosaken bab Asmanipun Gusti kula Jésus Kristus. Lan sampun saleresipun bilih kula sami ngéstokaken karsanipun Allah langkung katimbang ḍateng sampéjan.”

Para imam ngrungu wangsulan mengkono mau malah saja munḍak muring-muring, nanging wekasané kepeksa paḍa nglilani munḍur para rasul mau tanpa bisa matrapi apa-apa.

Para imam paḍa ngrasakaké gelaning atiné, déné Jésus Nasarani sing tansah dadi klilipé lan sing wis disirnakaké, wekasané bisa olèh kaunggulan! Saja munḍak gela atiné jèn kèlingan wong golongan paḍa luwih nggatèkaké piwulangé Jésus katimbang piwulange ḍéwé; malah saiki uga, sawisé séda kasalib, sing paḍa kèlu marang Jésus sangsaja munḍak akèh tjatjahé. Para imam prasasat murub atiné déning geṭing kang banget!

ANANIAS LAN SAFIRAH

ANA pangandikané Gusti Jésus marang para sekabat mengkéné: „Kowé paḍa dakwènèhi pakon kang anjar, supaja kowé paḍa tresna-tinresnana.”

Ing djaman wiwitaning pasamuwan pangandikané Gusti Jésus mau diéstokaké klawan temen-temen déning sagolongané wong sing pratjaja marang Pandjenengané, lan sing sabandjuré katelah aran Kristen. Wong-wong mau paḍa tunggal ati lan tunggal budi, apadéné paḍa kerep kekumpulan. Para rasul sregep tetilik para sadulur lan paḍa diadjak ngantepi ing patunggalan lan ing panjuwiling roti lan pandonga kaja sing diḍawuhaké déning Gusti Jésus nalika kembulan karo para sekabat ḍahar rijaja Paskah. Sarana patrap mengkono wong-wong mau tansah paḍa ngéling-éling bab geḍéning sih katresnané Gusti Jésus, déné wis ngetohaké djiwa-ragané sumurup marang karahajoning djagad. Ing antarané wong-wong Kristen wiwitan mau ora ana sing nanḍang ketjingkrangan. Wong-wong sugih masrahaké barang darbéké supaja dieduma karo wong panunggalané sing nanḍang kakurangan, saben wong diedumi ing sakabutuhané déwe-déwé. Ora ana kang rumangsa nduwèni ḍéwé apa kang kadarbé, malah sabarang darbèké kabèh paḍa dianggep dadi duwèking ngakèh. Malah akèh sing paḍa ngedoli omah lan palemahané, pepajoné bandjur dipasrahaké marang para rasul supaja dieduma rata.

Pangandikané Gusti Jésus mau kasambetan mengkéné: „Ija iku margané ketitik marang wong kabèh jèn kowé paḍa dadi muridku, menawa kowé paḍa tresna-tinresnan.”

Lan uripe wong Kristen ing djaman semono ngepleki kaja sing dadi pangandikané Gusti Jesus mau.

NANGING émané, — golongané wong Kristen mau katekan mungsuh sing baud ngempakaké sandi-upaja, jaiku Iblis sing tansah nggegèndèng manusa marang piala, supaja uwala saka ing patunggilane karo Allah.

Ing sawidjining dina, nalika para rasul lan murid-murid lijané paḍa kekembulan, ana wong sowan ing ngarsané para rasul. Wong mau aran Ananias. Déné Ananias karo somahé, aran Safirah, kalebu panunggalané wong Kristen ....

Bareng Ananias wis lungguh ing ngarsané Pétrus, bandjur masrahaké kanṭong isi ḍuwit akèh, jaiku pisungsungé Ananias karo somahé marang pasamuwan. supaja dieduma kaja adaté, djalaran Ananias mentas ngedol palemahané.

Wong kabèh sing paḍa ana ing kono, njipati ḍéwé enggoné Ananias njaosaké pisungsungé, nanging .... anèhé Pétrus ora katon bungah nampani pisungsung mau. Wiwitané Pétrus kèndel baé kambi njawang marang Ananias. Déné Ananias bareng rumangsa jèn mung disawang baé, bandjur tumungkul semu wedi.

Wong-wong sing paḍa ora ngerti, gumun njumurupi lelakon mengkono, lelakon sing béda karo adat-sabené. Apa ta sebabé, déné pisungsungé Ananias mau ora ditampa klawan bungah? Saos pisungsung iku rak klebu panggawé betjik lan dadi tjihnaning katresnan?

Nanging sing katon ing mripat iku satemené mung semu, njatané ora mengkono.

MUNGGUH njatané Ananias lan Safirah iku wataké tjeṭil lan karem banḍa, nanging uga guru-aleman; katoné mursid, nanging njatané lamis, pinter nutupi tjulikaning atiné; sing disebut panggawé betjik iku