Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/183

Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI ALLAH NGUNINGANI SEḌENGING MANGSA

183

Sawisé ngliwati wong djaga kang kapisan lan kang kapinḍo, bandjur tekan ing régol wesi sing andjog ing kuṭa, lawangé sing kinantjing bandjur menga ḍèwè .... Pétrus wis djumeneng ing sadjabaning kundjara, tindaké isih terus nḍèrèkaké malaékat mau nganti tutug ing pungkasané lurung. Bareng tekan ing kono, Petrus bandjur ditilar déning malaékat. Bareng Pétrus émut wewèntèhan, bandjur ngerti jèn ora ningali wahju, nanging sing dinjana impèn mau djebul kelakon temenan. Sanjatané Gusti Allah wis ngutus malaékaté kaḍawuhan ngluwari abdiné saka ing astané radja Héroḍès lan saka sakèhé pangarep-arepé wong Jahudi. Saiki wis ontjat saka ing bebaja, bandjur gegantjangan tindak menjang ing omahé pawong mitrané salah sidji arep ngabari bab geḍéning pangwasané Allah enggoné wis maringi pitulungan srana patrap sing ngéram-éramaké .... Sawengi iki mitrané mesṭi ora ana sing turu, kabèh mesṭiné paḍa lèklèkan lan ndedonga bebarengan njuwun pitulungan marang Allah. Ndedonga njuwun pitulungan? O, saiki ora perlu njuwun pitulungan manèh, pawong mitrané saiki kudu saos sokur marang Allah, djalaran pandongané wis kadjurungan.

Ora katjrita tindaké ana ing dalan, Pétrus wis tekan ing ngarep régol omahé mitrané sing djeneng Jochanan kang peparab Markus. Ing kono lagi ana wong akèh paḍa kumpulan ndedonga. Nalika Pétrus noṭok lawang régol, bandjur ana batur wadon, djenengé Rodé, marani nilingaké sapa sing ana ing djaba. Rodé ora pangling karo swarané Pétrus sing munḍut diwengani lawang, nanging saking bungahé ora nganti ngengakaké règol, rikat mlaju mlebu ngaturi priksa, jèn Pétrus djumeneng ing ngarep règol. Wong-wong sing ana ing kono ora ana sing ngandel, malah Rodé diunèni: „Kowé iku ngomjang. Mokal jèn Pétrus bisa rawuh mréné saiki!” Nanging Rodé ngukuhi aturé jèn njata, tembungé: „Boten, kula sumerep saèstu, bilih ingkang wonten ing ngadjeng régol punika Pétrus pijambak .... Sumangga kapijarsakna, Petrus taksih ngladjengaken ṭoṭok ṭoṭok!” Bareng wis diwengani lawang, bandjur paḍa weruh rupané, temah paḍa kegawokan banget. Ora ana sing njana babar pisan jèn Pétrus bisa metu saka ing pakundjaran. Keprije bisané? .... Nanging kabèh paḍa bungah déné Pétrus wis luwar saka ing bebaja. Bareng paukuman pati wis mèh katibakaké, ing kono tekané pitulungan sing diarep-arep, ora nganti kasèp.

SAWENGI iku para mitrané Pétrus paḍa bungah-bungah lan paḍa saos sokur marang Allah déné kepareng mitulungi abdiné srana patrap sing luwih déning élok.

Senadjan mengkono, wong-wong mau ora kena tinggal kaprajitnan. Ora prajoga jèn Pétrus terus manggèn ing kiṭa Jerusalèm, djalaran akèh mutawatiré. Sadurungé bjar raina, Pétrus wis mangkat tindak menjang lija panggonan .... Bebaja apa sing arep nempuh uripé ana ing panggonan lija, Pétrus ora sumelang, djalaran wis ngalami ḍéwé jèn Gustiné iku setya-tuhu lan kwasa paring pitulungan.

KATJARITA, salebaré rijaja Paskah radja Héroḍès tindak saka Jerusalèm menjang ing kuṭa Késaréa lan kendel ana ing kono .... Bab musnané Pétrus saka ing pakundjaran, ndjalari gumun lan kagèté Héroḍès. Ora ana wong djaga sidji-sidjia sing ngerti keprijé bisané Pétrus metu saka ing pakundjaran lan ora ana sing weruh menjang ngendi parané lan ana ing endi dunungé saiki, sawisé metu saka Jerusalèm.

Nanging Héroḍès ing sadjroning kamuljan lan kaluhurané, ora menggalih manèh bab Pétrus.

Ora antara lawas sapungkuré lelakon mau, Héroḍès ketutugan sing dadi iḍam-iḍamaning galihé. Nalika kèndel ing kuṭa Késarea, Héroḍès nampani pisowané para utusané kuṭa Tirus lan Sidon perlu ngundjukaké panuwun, déné sang prabu njandekaké enggoné kersa nggitik perang kuṭa loro mau. Nalika semono Héroḍès ngrasuk kaprabon lan pinarak ing ḍampar, ingaḍep para mantri bupati lan kawula akèh. Ing kono sang prabu meḍar sabda minangka wangsulan marang utusan mau. Wong akèh paḍa sumlengeren ndeleng éndahing busanané sang prabu apadéné ngrungu pangandikané. Akeh sing paḍa alok: „Punika pangandikaning déwa, sanès witjantening manusa!”

Miḍanget pangalembanané wong akèh mau, sang prabu banget karenan galihé; durung naté sang prabu nampani pakurmatan sing semono geḍené! Wong-wong sing paḍa ngunggul-unggulaké sang prabu nganti luwih saka ing kad, paḍa ora dipenggak, nanging malah ndjalari mongkoging galihé, supé jèn isih ana Allah ing swarga sing kagungan sakèhing kaurmatan. Awit saka kumlungkungé mau paḍa sanalika iku Héroḍès bandjur digebag déning malaékaté Pangéran, temahan ambruk djalaran kataman ing lelara nggegirisi .... Ora ana wong sing weruh tekané malaékat sing nggawa bebenduné Allah. Wong sing awaké katoné waras wutuh, dadakan dadi lara, mangka larané mau kamangsa ing singgat sing nggegilani. Héroḍès gerahé mung sawetara dina, bandjur pegat njawa.