Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/187

Kaca iki wis divalidasi

***

LURAH KUNDJARA

187

djara mau ora merduli babar pisan, wong loro iku rak wong Jahudi, wong mantja neneka ing negara kono. Bareng wis nganglang lan prantéan kabèh tinemu isih ganep ana ing panggonané ḍéwé-ḍéwé, lurah kundjara mau bandjur mapan turu. Atiné ora nganḍut was sumelang.

ING sadjroné kundjara, saja manèh ing sèl sing ana ing djero ḍéwé, petengé ndumuk irung. Ora ana swarané wong guneman, sing ana ing kono mung pangaḍuh lan pasambat, rasa miris lan susah ....

Nanging dumadakan, bareng tengah bengi ana swaraning wong ndedonga lan ngidungaké pamudi kondjuk marang Allah, déné wong lelaran lijané paḍa ngrungokaké klawan gumun ....

Swarané wong ngidung sumengka ing akasa, dumeling ing tengah wengi, ing satengahé pasambat lan pangaḍuh, semuné njengklèng ora laras karo papan lan kaanan ing sakiwa-tengené. Lumrahé sing kelair ing kono mung pepisuh lan panggrundel, utawa pasambat lan pangaḍuh, Nanging jèn dirungokaké temenan wong sing ngulukaké pamudji mau nglairaké gambiraning atiné, lan swarané mranani atiné wong sing paḍa ngrungu.

Pinangkané swara mau saka ing sèl sing ana ing djero ḍéwé, panggonané wong mantja sing dibelok sikilé lan sing gegeré prasasat adjur djalaran disapu. Wong Jahudi mau paḍa ngidung bebarengan, ngluhuraké Allahé! .... Prantéan lija-lijané paḍa tangi ngrungokaké kekidungan mau. Nanging lurahé kundjara isih turu nglépus.

WONG loro mau, wong Jahudi, sing awané mentas disapu déning punggawa negara Filippi, iku Paul lan kanṭine sing asma Silas ija diutus nggelaraké Indjil kajadéné Paul.

Tindaké rasul Paul iki kang kapinḍo, nggawa kanṭi Silas, arep ndjadjah negara-negara manèh nggelaraké Indjil marang wong Jahudi lan wong kapir. Tindaké mau nglangkungi kuṭa-kuṭa sing naté dirawuhi, kajata Listra lan Derbé. Ana ing kono rasul Paul kepanggih karo wong nonoman, sing aran Timotéus, sing digulawenṭah déning ibuné lan embahné wiwit tjilik mula ing bab surasané Kitab Sutji. Wiwit nalika iku Timotéus kaḍawuhan nḍerèkaké tindaké rasul Paul, lan ing tembé Timotéus ija kautus nggelaraké Indjil, kagawa saka tresnané marang Gustiné lan marang pepaḍané.

Tindaké rasul Paul sakanṭiné bablas nganti tekan ing Asia-tjilik, manḍap tutug ing Troas kuṭa tjilik ing pesisir sisih lor kulon.

Ana ing Troas kono Paul sakanṭiné kèndel sawetara dina. Panudju wajah bengi Paul ningali wahju, kaja-kaja Paul djumeneng ing pinggir segara, lan ing sabrangané segara katon ana wong Makedoni ngadeg kambi nguwuh-uwuh: „Sampejan mugi njabrang ḍateng ing tanah Makedoni, mitulungi bangsa kula.”

Mangka nalika semono Paul ora kagungan rantjangan ngladjengaké tindaké menjang ing laladan tanah Makedoni lan Junani, nanging bareng kaparingan wahju mengkono, Paul bandjur rumangsa jèn angsal ḍawuh saka Gustiné ndikakaké njabrang mrana ngunḍangaké pawarta bab sih-rahmaté Allah tumrap para wong dosa. Paul sakanṭine bandjur mangkat menjang ing tanah Makedoni.

Bareng wis paḍa nḍarat, tindaké bandjur ndjudjug ing kuṭa Filippi, kuṭa-kradjan ing tlatahé tanah Makedoni, sing kebawah ing paréntah Rum.

Nanging — wong Makedoni sing katon ana ing wahju ora meṭukaké rawuhé Paul. Bareng wis wiwit memulang, sing paḍa mandjing pratjaja mung wong wadon sawetara. Éwasemono Paul sakanṭiné ora kemba, saben dina adjeg memulang lan nggelaraké pangandikané Gusti, djalaran paḍa ngerti, jèn mung Gusti Allah pijambak kang kwasa ngeluk wangkoting atiné manusa, temah paḍa pratjaja lan oleh karahajon ....

Kotjapa nalika paḍa ana ing alun-alun, Paul sakanṭiné tansah dietutaké botjah wadon pawongan sing duwé préwangan. Marga saka pinter memeṭèk, botjah wadon mau akèh enggoné ngasili benḍarané. Jèn ngetutaké tindake Paul, botjah wadon mau tansah alok-alok, udjaré: „Wong iku paḍa abdinė Allah kang Mahaluhur, mulangaké margané karahajon marang kita.” Mengkono mau ora mung sepisan pinḍo, nanging saben dina lan bola-bali. Nanging Paul ngerti jèn pagawéane dirégoni déning ḍemit sing manggon ana in botjah wadon mau, saking pegel galihé, bandjur ḍawuh marang ḍemité: „Atas Asmané Jésus Kristus ḍawuhku ing kowé: „Metua saka wong iku!” Sanalika demité bandjur metu, lan botjah wadon mau pulih waras manèh.

Botjah wadon mau begdja déné wis kauwalaké saka pangwasané Iblis, nanging bendarané rumangsa kapitunan, djalaran botjah mau ora bisa metu kasilé manèh; sarèhné wis ora duwé préwangan, dadi ija ora bisa memeṭèk. Bendarané botjah wadon mau bandjur ngadjak kantja-kantjané njekel marang Paul lan Silas, paḍa diglanḍang katur ing préntah, dirubung ing wong pirang-pirang. Paul lan Silas paḍa didakwa nggègèraké negara, lan sarèhné paḍa wong Jahudi, paḍa didakwa mulangaké padatan anjar sing njalahi tata-tjarané wong Rum. Wong golongan ija paḍa melu nglawan marang Paul lan Silas lan mbeneraké pandakwa mau. Tanpa dititi-priksa prakarané,