Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/189

Kaca iki wis divalidasi

***

DÉWA KANG ORA KASUMURUPAN

189

kersa tindak medal saka ing pakundjaran mung nganggo patrap siḍeman, djalaran pangandikané Paul mengkéné: „Kula sami tijang Rum dipun sapu wonten ing ngadjenganipun tijang kaṭah boten mawi kapriksa, ladjeng dipun lebetaken ing kundjara. Senadjan kula sami tijang Jahudi, éwadéné kula sami gaḍah wewenang sami kadosdéné tijang Rum, mangka sapunika kula namung baḍé dipun tunḍung medal siḍeman. Murih saé lan leresing prakawis, prajogi menawi pangageng ing kiṭa ngriki ḍateng pijambak ing pakundjaran lan ngirid kula sami medal saking ngriki.” Utusan mau bandjur ngaturaké pangandikané Paul marang para panggeḍéné kuṭa kono, temahan paḍa adjrih; enggoné paḍa rembugan mengkéne: „Jèn njata wong loro iku wong Rum, senadjan asli Jahudi, aku paḍa keluputan, djalaran wong Rum ora kena disapu. Jèn wong mau ora trima lan ngunggahaké prakarane nganti tekan Sang Prabu ing Rum, aku mesṭi paḍa kaukum.”

Para panggeḍéné kuṭa kono bandjur énggal-énggal menjang ing pakundjaran sarta paḍa ngrerepa Paul lan Silas diirid medal lan diaturi nilar kuṭa Filippi mau.

Bareng wong-wong mau wis paḍa ngakoni enggoné paḍa tumindak sawenang-wenang tanpa panitipriksa, lan paḍa njuwun ngapura, Paul lan Silas tumuli biḍal nilar kuṭa Filippi.

Tindaké saiki nratas tanah Junani saja suwé saja bablas.

DÉWA KANG ORA KASUMURUPAN

KATJARITA tindaké para utusané Gusti bablas ndladjahi désa ngadésa apadéné kuṭa lan negara; ing saenggon-enggon diadegaké pasamuwané wong Kristen. Wong-wong sing wis pratjaja marang Gusti Jésus lan kabaptis, iku tansah paḍa kekumpulan perlu nitipriksa surasaning Kitab lan paḍa rerembugan bab karahajon sing wis dirasakaké ing sadjroning uripé, supaja bisaa nularaké karahajon mau marang wong lija, sanak sadulur lan pawong mitra sing paḍa durung ngerti dalaning karahajon. Awit saka kang mengkono mau sangsaja suwé sangsaja ngambra-ambra tebané pasamuwan Kristen ing wewengkoné tanah kono. Rasul Paul lan kanṭiné ora kèndel nenggani pasamuwan saenggon baé, nanging tansah mlémbar menjang panggonan sing durung naté dirawuhi, supaja wrataa gumelaré pangandikané Gusti ana ing tanah Junani. Pasamuwané wong Kristen sing ditilar, pangrumaté kapasrahaké marang wong sawetara sing dipilih dadi pangarep, lan lumrahé disebut para pinituwa utawa djuru pamomong ing pasamuwan.

Nalika semono tindaké rasul Paul kaḍérékaké Silas lan Timotéus, tekan ing kuṭa Tessalonika lan Béréa. Ing kuṭa-kuṭa mau ija akèh wong sing paḍa nampani piwulang anjar lan pratjaja marang Gusti Jésus, nanging ana ing kono ija akeh wong Jahudi sing paḍa nglawan lan nganiaja marang Paul sakanṭine. Lan wis bola-bali wong sing bijèn nguja-uja wong Kristen ngalami dikuja-kuja ḍéwé temah uripé tansah kinalang-kalang ing bebaja. Senadjana mengkono rasul Paul ora gigrig déning pangantjam, malah saja mempeng enggoné nindakaké ajahané neksèni asmané Gustiné ana ing ngarepé wong akèh. Ija mengkono iku wataké abḍi sing mbangun-turut lan setya-tuhu ngantepi pakoning Gustiné.

KOTJAPA tindaké Paul tekan ing kuṭa Aténé. Rawuhé ing Aténé pijambakan, djalaran Silas lan Timotéus ditilar ing Bérea.

Kuta Aténé iku kuṭa-kradjané tanah Junani, kuṭa rame, pusering kabudajan lan kagunan, guḍang ngèlmu lan kapinteran, kuṭa sing misuwur asri dening geḍong-geḍong kabujutan lan puri kang rinengga-rengga ing retjané para déwa kang awig gawéané. Pepeṭingané para sardjana-panḍita paḍa ngadegaké paḍépokan ana ing kuṭa Aténé, panggonan nggelar ngèlmu kasunjatan lan kabatinan.

Sasuwéné ngentosi tekané Silas lan Timotéus ana ing Aténé, Paul tindak mider-mider ing djero kuṭa, nanging banget kagol galihé marga nguningani akèhing kabujutan lan retja-retjané. Pantjèn éndah lan asri disawang awit saka awiging gawéané, nanging Paul uga mirsa jèn iku kabèh dadi pirantiné wong-wong ing kono enggoné paḍa nindakaké panembah sing kliru, awit ora ngerti marang sadjatining panembah marang Allah. Satemené wong-wong ing Aténé iku mesakaké, djalaran tetéla jèn mlarat lan keblinger budiné. Saupama paḍa gelem ngrungokaké marang piwulangé Paul, wong-wong ing Aténé bakal diwènèhi banḍa kasukman sing langgeng sing adjiné ngungkuli radjabrana ing donja. O, bok ija paḍa gelem ngrungokaké!

Ing antarané kabujutan ana mesbèh sing mawa tjiri tulisan mengkéné: „Kondjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan”. Bareng Paul maos tulisan mau, Paul mung gèḍèg-geḍèg menggalih kaanané wong Aténé: „Wong Aténé pantjèn paḍa duwé watak seneng nindakaké pangibadah, dalah déwa sing durung disumurupi wis digawèkaké mesbèh, supaja adja ana déwa sing kliwatan nganti ora disaosi kurban. Mulané mengkono djalaran atiné satemené paḍa nganḍut was lan sumelang bokmenawa kesiku ing déwa sing ora disumurupi mau! O, mesakake temen!”