Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/190

Kaca iki wis divalidasi

190

ANA ING ÉFESUS

***

MARGA saka nguningani katjingkrangané wong Aténé mungguh ing kasukmané, Paul ngangah-angah arep njritani wong-wong mau bab dalaning karahajon lan bab geḍéning sihé Allah marang djagad, mulané bandjur nekani masdjidé wong Jahudi utawa menjang ing pasar-pasar ing panggonané wong akèh paḍa nglumpuk, lan ana ing kono bandjur ngadjak rerembagan saḍéngah wong sing kepeṭuk. Saben dina Paul menjang ing pasar arep nggelaraké piwulangé; sing mengkono iku mung naluri adat-tjarané wong Aténé. Saḍéngah wong sing duwé kawruh utawa ngèlmu, iku wenang nggelaraké kawruhé ana ing ngarepé wong akèh, lan adaté papan sing aḍakan akèh wongé iku pasar, utawa alun-alun utawa pinggir dalan geḍé. Apa manèh wong Aténé karem banget rerojoman ngrungokaké wong sing ngébaraké kapinterané. Dadi wis klebu adaté wong Aténé: sing pinter paḍa njorahaké kawruhé lan wong-wong lijané karem ngrungokaké samubarang kang anjar.

Nalika semono ana sardjana sawetara sing wis tau diadjak wawan witjara déning rasul Paul, paḍa ngaturi Paul menjang ing Aréopagus. Déné sing diarani Aréopagus iku awudjud papan munggur, ana omahé kabujutan mawa unḍak-unḍakan marmer, prasasat njaḍijani papan lungguh wong pirang-pirang atus jèn pinudju paḍa nglumpuk ing kono ngrungokake wong sesorah awit Aréopagus kena diarani panti-sraséhan kanggo para sardjana Aténé.

Rasul Paul bandjur djumeneng ana ing satengahé Aréopagus mau sarta meḍar sabḍa. Paul ngandikakaké mesbèh jasané wong Aténé sing mawa tjiri tulisan: Kondjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan. Mangka Paul ngerti sapa satemené sing djumeneng déwa sing ora kasumurupan mau, nanging sing ija dibektèni déning wong Aténé, tanḍané paḍa gelem ngjasakaké mesbèh. Wosing wulangan sing arep digelaraké iku ora lija mung arep awèh sesuluh marang wong Aténé mungguh Allah kang sedjati, kang nitahaké langit lan bumi, dalah segara saisèn-isèné kabèh, ija Allah kang ngasta pati-uripé manusa lan kang djumeneng sangkan-paraning dumadi, nanging Allah iku ora dedalem ana ing kabujutan gawéaning manusa .... Paul bandjur ngandikakaké geḍéning sihé Allah marang djagad, ija marang sakèhé manusa nganti masrahaké Putrané ontang-anting, supaja saḍéngah wong kang pratjaja marang Pandjenengané, adja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng. Ing kono Paul bandjur ndjlèntrèhaké bab Gusti Jésus enggoné wis nglampahi nanḍang sangsara lan séda ing kaju salib, nanging wungu saka ing antarané wong mati ....

Nanging bareng Paul ngandikakake bab tanginé wong mati, wong-wong Aténé bandjur njela, udjaré: „Sampun, tjekap semanten. Béndjing kémawon kula baḍé sami mirengaken sesorah sampéjan malih bab prakawis punika.” Golongané para sardjana ing Aténé sing paḍa rumangsa wis ngentèk ngèlmuné, paḍa ora ngandel marang katerangané Paul bab patangèné wong mati. Paul malah diarani durung mateng kawruhé lan paḍa digeguju. Dadi ana ing antarané wong-wong sing sugih kawruh lan ngèlmu, semu-semuné Gusti Jésus ora bakal oleh papan ....

Éwadéné ana uga wong sawetara sing paḍa ngandel marang pangandikané Paul lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, temah kelakon paḍa dibaptisi. Wong-wong mau paḍa dipojoki kantja-kantjané, déné kok nganti kèlu marang obrolané wong ngotjèh, rak aluwung ngrungokaké wedjangané para sardjana Aténé sing wis kalok kapinterané.... Nanging wong sing paḍa mandjing pratjaja mau ora pasah dibebolèhi, djalaran wis paḍa jakin jèn wis paḍa njanḍak marang kawitjaksanan lan karahajon sing langgeng ing salawas-lawasé.

Geḍong-geḍong kabujutan lan retja-retja brahala sing ana ing Aténé djaman semono, wis paḍa dadi djugrugan, akèh sing luḍes tanpa tilas. Para sardjana sudjana dalah ngèlmuné sing dakik-dakik saiki wis kesilep lan ora kotjap manèh, nanging kosokbaline: Indjil sing digeguju wong akèh ana ing Aréopagus, wis gumelar ing sawratané djagad lan ndjalari wong éwon lan jutan sing paḍa olèh katentreman lan karahajon langgeng.

ANA ING ÉFESUS

KATJARITA ing tengah alun-alun ing kuṭa Efesus ana wong akèh paḍa rubung-rubung, kaja-kaja lagi paḍa ngobong uwuh, kukusé nglandeng kumelun menḍuwur. Njatané dudu wong ngobong uwuh, djalaran sing paḍa rubung-rubung mau kabèh katoné gagah mrijajèni lan sing diebrukaké ing geni iku dudu uwuh, nanging gulungan kitab geḍé tjilik, kitab primbon, kitab ngèlmu tenung, pawukon lan pétungan warna-warna, kitab karangané para pudjangga, sing adaté dipepetri lan diadji-adji, iku kabèh diobong kaja uwuh sing tanpa guna, mangka pangadjiné kabèh bareng digunggung ketemu ana limang leksa dirham selaka.

Wong-wong mau paḍa ora éman mbuwang barang sing mauné dianggep akèh pangadjiné, iku ndjalari gumuné wong sing paḍa nonton,