Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/193

Kaca iki wis divalidasi

***

ANA ING ÉFESUS

193

awit wong-wong mau paḍa ora bisa nindakaké panenungan manèh ....

Apa ta djalarané nganti paḍa tumindak mengkono?

Ing kuṭa Éfesus mau ana wong Jahudi aran Akwila lan somahé aran Priskilla, paḍa tukang gawé tarub. Lan ana wong sing nunggal sapamonḍokan lan panggaotan karo Akwila mau; saben dina peṭel enggoné njambutgawé supaja anaa pametuné sing minangka tjagak urip. Nanging jèn wis sela pagawéané utawa jèn pinudju dina Sabbat, wong mau mesṭi ndjadjah mider-mider ing kuṭa kono .... Mangka saupama gelem, wong mau bisa sugih lan pametuné turah-turah, djalaran bisa marasaké sadéngah lelara, malah bisa nunḍungi ḍemit lan nindakaké kaélokan. Kaluwihaning kasektèné ngéram-éramaké banget, kajata: wis tau kelakon katju utawa sasab pangkon sing mentas dienggo, jèn ditumpangaké ing wong lara, larané mesṭi mari lan ḍemité paḍa metu. Nanging wong mau babar pisan ora gelem nampani wedjani utawa upah, apadéné ora kepéngin dialembana lan disuba-suba ing akèh. Enggoné nampik mau tansah nganggo katerangan mengkéné: „Dudu aku, nanging Gustiku sing kagungan kasektèn lan pangwasa.”

Lan sing tansah ditjritakaké lan digunem ana ing ngarepé wong akèh iku mung Gustiné lan bab katresnané Gustiné marang wong sadjagad.

Anadéné wong sing dadi tukang gawé tarub, sing pasadja banget uripé, nanging sing duwé daja kakuwatan sing gaib, iku .... rasul Paul!

KATJARITA sawisé lereb sawetara mangsa ana ing kuṭa Jerusalèm, rasul Paul bandjur biḍal manèh, tindak kang kaping teluné nggelaraké Indjil marang djagad. Akèh pasamuwan sing dituwèni lan disantosakaké kapratjajané. Rasul Paul banget suka sokur ing galih, déné akèh wong Jahudi utawa kapir sing paḍa dadi kagungané Gusti lan Karatoné Allah ana ing djagad saja suwé saja tumangkar lan saja djembar tebané.

Nalika semono Paul rawuh ing kuṭa Éfesus, kuṭa palabuhan lan padagangan sing ramé, nanging sing kebak panasaran lan panggawé dosa warna-warna. Paul wiwit memulang ana ing kono. Padatané wong Éfesus, samangsa lagi kesompok ing pakéwuh, plajuné mung menjang panggonané ḍukun tenung lan djuru peṭèk utawa nudjum, pamurihé supaja atiné sing peteng bisaa olèh pepaḍang, lan nalaré sing putek bisaa diledjaraké. Ing tengah kuṭa Éfesus ana kabujutané baṭari Diana, sembahané wong Éfesus. Ing djero kabujutan mau ana retjané baṭari Diana, lan udjaré wong Éfesus: „Retja iki retja tiban, tumurun saka kajangan, mulané sutji!” ....

Nanging bareng rasul Paul wiwit nggelaraké wulangane,.wong ing Éfesus akèh sing paḍa salin padatan. Saiki wong-wong sing lara ora diḍukunaké, nanging digawa menjang ngarsané rasul Paul, temah paḍa diwarasaké atas asmané Gusti Jésus. Sing paḍa sowan ing ngarsané Paul ora mung wong lara bae, dalah sing paḍa karoban ing seḍih ija njuwun pitulungané, lan rasul Paul dangan maringi panglipur sarana sih-rahmaté Gusti Jésus sing wis naté nanḍang sangsara lan séda lan tansah kepareng miludjengaké saben wong sing pratjaja marang Pandjenengané.

Para ḍukun tenung lan djuru peṭèk akèh sing paḍa nampani wulangané rasul Paul, djalaran ngèlmu sing mauné dianggep peṭingan iku satemené mung lalahan lan ngajawara lan sing akèh-akèh mung apus-krama. Mulané kitabé primbon sing akèh pangadjiné mau paḍa diobongi .... Padatane sing lawas wis dibuwang, salin padatan anjar.

Padatan anjar mau ija mahanani owahing kaanan ing kabujutané baṭari Diana. Adaté kabujutan mau ora tau lowong ditekani wong akèh sing paḍa saos bekti marang Diana, nanging saiki ing kono katon sepi, sing isih paḍa mrono kena diwilang tjatjahé.

Marga saka pandamelé rasul Paul golongané wong sing pratjaja marang Gusti Jésus saja munḍak geḍé.

NANGING kotjapa .... si pangawak dursila ora ketlompèn. Iblis sing tansah mbudidaja murih rusaké sakèhing prakara sing bener lan betjik, saiki arep tumandang nggèndèng manusa saka ing ngarsané Allah.

Ora kabèh wong ing Éfesus paḍa tresna lan sumujud marang Paul, ana uga sing ngenḍem sengit lan nglawan marang abdiné Gusti. Wong sing kaja mengkono iku sing tansah mindeng ngojak kasugihan lan kawibawan, lan ḍemen ngrungokaké pangglembuking Iblis. Ing kuṭa Éfesus ana kemasan djenengé Démétrius, sing panggaweané gawé pepeṭan selaka kabujutané Diana. Démétrius sakantjané para kemasan bisa olèh kauntungan geḍé saka enggoné ngedoli pepeṭan selaka mau, saja manèh jèn pinudju ana rijaja ing sasi Mei, wong-wong mantja negara sing paḍa djijarah menjang ing kabujutané Diana, iku mesṭi paḍa tuku pepeṭan selaka gawéané Démétrius. Pepeṭan mau ana ing omah bandjur dipepetri lan disudjudi, kaja-kaja baṭari Diana manggon ana ing djero pepeṭan selaka kabujutané. Ana manèh kemasan sing paḍa nggawèni mainan utawa lentjana gambaré Diana. Akèh wong Éfesus sing nganggo mainan mau minangka djimat panangkising bebaja. Kaanan