Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/194

Kaca iki wis divalidasi

194

WONG LELARAN

***

mengkono iku ndadèkaké sugihé para kemasan ing Efesus, jaiku nalika dagangané isih paju, nalika wong Éfesus durung ana sing wanuh marang rasul Paul, lan durung paḍa pratjaja marang Allah sing diwulangaké déning Paul. Nanging saiki? Saiki kabujutané Diana saben dina mung diliwati baé, arang wong sing mampir mrono, mengkono uga dagangané Démétrius sakantjané, arang wong sing ngemèk. Wong-wong saiki wis ora ngandel marang kasijaté mainan utawa pepeṭan selaka mau, rak isih akèh prakara sing luwih adji lan luwih mulja katimbang barang gawéané Démétrius.

Démétrius ngerti sing ndjalari munduring pametuné, iku ora lija mung wong Jahudi sing tekané mrono nggelaraké ngèlmu anjar. Mulané Démétrius ing batin wis ngintjim-intjim marang Paul. Démétrius bandjur nglumpukaké kemasan lan para krija sing tunggal garapan, lan paḍa dirembugi mengkéné „Hé, kantja-kantja kabèh, dika paḍa sumurup jèn pagawéan niki ndadèkaké karedjan kita. Mangka dika paḍa ndeleng lan ngrungu bab si Paul niku, jèn empun mbudjuki lan nasaraké wong pinten-pinten, boten ngemungaké onten ing Éfesus ngriki mawon, malah dalasan mèh satanah Asia kabèh, udjaré jèn bangsa garapaning tangan niku dédé Allah. Kang niku boten ngemungaké bubuhan niki mawon sing kuwatir bakal dadi tjamah, malah dalasan pasutjèné baṭari agung Diana bakal dadi sawijah-wijah, napa malih sirna kaluhurané kang dibektèni onten ing satanah Asia lan ing sadjagad kabèh.”

Wong sing kumpulan mau bareng paḍa ngrungu tembung pambebolèh mengkono mau, bandjur paḍa banget nepsuné, sarta paḍa nguwuh-uwuh, pangutjapé: „Agung Sang Baṭari Diana, sembahané wong Éfesus!” Satemené enggoné paḍa nepsu mau ora marga saka arep mbélani baṭari sesembahané, nanging marga saka ilanging kauntungané ... Wong-wong mau sadalan-dalan paḍa nguwuh-uwuh mengkono, temahan wong sanegara paḍa kagègèran kabèh, lan gumrudug mlajoni ing panggonané wong paḍa busekan. Wong sing paḍa nguwuh-uwuh mengkono munḍak-munḍak tjatjahé, nganti gumuruh swarané wong golongan geḍé sing paḍa nguwuh: „Agung Sang Baṭari Diana, sembahané wong Éfesus!” Mangka sing akèh-akèh paḍa ora ngerti ḍong-ḍingé enggoné njuwara mengkono iku. Para kemasan paḍa nggolèki rasul Paul, nanging bareng ora ketemu, bandjur ngglanḍang wong Kristen loro, paḍa kanṭining tindaké Paul, digawa menjang ing panontonan, jaiku menjang ing alun-alun kuṭa. Paul pijambak, bareng mireng gègèré wong golongan, kersa murugi wong akèh, nanging dipenggak déning para murid, awit kuwatir bokmenawa Paul bakal nemu bilai.

Nanging ing satengahé oreg-oregan mau ana sawidjining wadana-tjarik sing madju njirep wong golongan, pangutjapé: „Hé, wong Éfesus, sapa ta wong kang ora sumurup jèn negara Éfesus dadi pambaureksa kabujutané baṭari agung Diana lan retja tiban saka ing langit? Nanging wong kang koseregaké iku ora nglakoni njolong amaling kabujutan, ora njenjamah baṭarimu. Dadi beneré kowé paḍa ditentrem, adja keganasen ing pratingkah. Déné menawa Démétrius lan kantjané para krija paḍa duwé prakara marang wong, ana pratikelé pradata, lan ana bupatinė, karebèn paḍa gugat-ginugat. Jèn isih ana prakara lijane, betjik dirampungi ana ing pasamuwan kang sah. Awit aku kuwatir bokmenawa kita paḍa didakwa gawé rerusuh, mangka satemené ora ana djalarané, temah kita paḍa ora bisa ngaturaké pandjawab bab anané rerusuh mau. Mulané kowé kabèh paḍa muliha menjang omahmu ḍéwé-ḍéwé!” Bareng dipituturi mengkono iku, wong golongan bandjur paḍa bubaran.

Mengkono iku dadiné Paul lan kanṭinė paḍa dipitulungi déning wadana-tjarik, temah paḍa ontjat saka pangamuké wong golongan. Lan satemené mengkono iku patrapé enggoné Allah ngajomi abdiné saka pangantjamé Démétrius sing kena ing pangglembuké Iblis.

SAWISÉ lelakon mau rasul ora antara suwé bandjur nilar kuṭa Éfesus, ngladjengaké tindaké nuwèni pasamuan ing tanah Junani lan Makedoni. Menjanga ngendi tindaké, rasul Paul ora naté was sumelang, awit wis jakin jèn gesangé iku kaasta déning Allah kang Mahakawasa.

Pasamuwan Kristen ing Éfesus iku kalebu pasamuwan Kristen sing geḍé lan mondjo nganti pirang-pirang taun lawasé.

WONG LELARAN

RASUL Paul wiwit ngalami sangsara lan pait-getir ana ing sugengé. Sawisé lelana nggelaraké Indjil, bandjur kondur menjang Jerusalèm lan marga kawangsit déning Roh Sutji, Paul pirsa jèn bakal nemahi disangsara lan dikundjara. Wong-wong Kristen ing pasamuwan-pasamuwan sing dipamiti paḍa ngrasakaké prihatin, djalaran bakal paḍa ora ketemu manèh karo guru lan panuntuné ana ing alam donja kéné.

Anadéné rasul Paul isih adjeg tatag lan gambira lan ora kagungan was sumelang babar pisan. Wis ana rong puluh taun luwih enggoné ngabdi marang Gusti Jésus klawan setya-