Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/195

Kaca iki wis divalidasi

***

WONG LELARAN

195

tuhu, lan saiki ora bakal suwala jèn kudu mungkasi pangabdiné mau klawan nanḍang sangsara.

Nalika para mitrané ing Késaréa paḍa duwé atur panjuwun marang Paul, supaja adja nganti tindak menjang Jerusalèm, wangsulane Paul: „Kowé iku keprijé déné paḍa nangis lan nrenjuhaké aku? Aku wis tjumaḍang ora ngamungaké dibanda, malah senadjan kongsia dipatèni ana ing Jerusalèm krana saka Asmané Gusti Jésus, aku ora bakal suwala!”

Dadiné Paul wis tjumaḍang, malah ing batin ngarep-arep bisaa rawuh ing Jerusalèm manèh arep njerep-njerepaké wong Jahudi sing paḍa keblinger déné nganti wani njalib marang Gusti Jésus, Pamartaning djagad. Muga-muga bangsané ḍéwé saiki adja mangkotaké atiné lan paḍa gelema mratobat lan ngrumangsani kaluputané, bandjur pratjaja marang Gusti Jésus. Rasul Paul tansah rumaos prihatin, déné sing pada nampik lan njatru marang Gusti Jésus iku malah bangsa Jahudi.

KOTJAPA sarawuhé Paul ing kuṭa Jerusalèm, wong-wong Kristen sing dituwèni paḍa bungah-bungah, mengkono uga ing kalangané wong Jahudi sing paḍa dadi satruné, nanging kabungahané mau sédjé nalaré. Wong sing sengit paḍa bungah, djalaran saiki bakal paḍa bisa nandukaké pamales. Lan sing bakal ditanduki pamales iku abdiné Gusti Jésus sing ora tau lowong enggoné neksèni asmané Gustiné ing saben wajah lan ing saenggon-enggon, mangka piwulangé rasul Paul dirungokaké dèning wong maèwu-èwu lan akèh sing paḍa mandjing dadi muridé Gusti Jésus, sing séda kasalib ....

Jésus? .... Wong Jahudi isih kemropok jèn ngrungu tembung Jésus!

Lan Paul? .... Paul ija disengiti, djalaran muridé!

Saiki Paul wani mlebu ing Jerusalèm, bebasan kaja iwak kalebu ing wuwu, wis mesṭi ora bakal mrutjut manèh saka ing tangané. Wong Jahudi durung lega rasaning atiné jèn durung kelakon maténi Paul!

Nalika Paul wis lereb sawetara dina ing Jerusalèm, bandjur mlebet ing padaleman sutji. Bareng wong-wong Jahudi sing wis nganti-anti rawuhé Paul, paḍa meruhi satruné, bandjur paḍa kumrubut ngrojok Paul, temah diglanḍang metu saka ing padaleman sutji arep dipatèni. Jèn ora ana pitulungan, wis mesṭi Paul bakal nemahi mati dikaniaja wong akèh ....

Nanging ora adoh saka ing palatarané padaleman sutji ana bètèng sing aran bètèng Antonia, ing kono panggonané para pradjurit Rum dalah panèwuné sing djeneng Lisias, sing tinanggenah ndjaga tata-tentreming negara. Bareng ana sing ngaturi warta jèn wong sanagara Jerusalèm paḍa busekan kabèh lan gumedèring swara krungu tekan ing bètèng, Lisias bandjur énggal nḍawuhi pradjurité supaja ngrebut wong sing arep dipatèni saka ing tangané wong akèh. Pradjurit Rum sabregada, sing paḍa sikep peḍang lan tumbak bandjur rikatan marani lan ngrebut Paul saka ing tengahé wong Jahudi. Pangrebuté mau kudu dibanḍani kakuwatan, djalaran wong Jahudi tandangé kajadéné kéwan galak sing arep direbut memangsané. Nalika Paul arep dilebokaké menjang ing bètèng, wong golongan genti nempuh arep ngrebut Paul, temahan Paul nganti kelakon diusung déning pradjurit, supaja adja nganti tumiba ing tangané wong Jahudi manèh. Bareng Paul wis ora kena direbut, wong golongan isih paḍa alok-alok: „Kasirnakna wong kuwé!”

Nalika Paul arep dilebokaké ing bètèng, bandjur matur marang panèwu: „Kula mugi kelilana mitjanteni ḍateng tijang kaṭah punika? Panjuwuné Paul diparengaké, mulané bandjur djumeneng ana ing ḍuwur unḍak-unḍakan, tumuli kumlawé astané murih sirepé wong akèh. Ora antara suwé wong golongan wis dedep sirep, senadjan atiné mangkel, éwasemono ija kepéngin ngrungu apa sing dipangandikakaké Paul.

Paul bandjur wiwit njrijosaké asal-usulé nganti tekan enggoné nindakaké panguja-uja tumrap golongané wong Kristen, atas terang saka pakoné imam agung, lan nganggep awaké ḍéwé dadi lawanané Jésus Nasarani dalasan para muridé kabèh. Nanging bareng lagi diutus menjang kiṭa Damaskus, satekané ing satjeḍaké kuṭa, dumadakan ana tjahja gumebjar saka ing langit lan tjlèrèté nglimputi sarirané.

Paul njrijosaké enggoné ditelukaké lan ditobataké déning Jésus Nasarani, sing pinarak ana ing swarga, lan sing mirsa lan nguningani samubarang kabèh, lan enggoné diparingi bebahan nggelaraké Indjil marang djagad. Paul uga njrijosaké lelakoné Stéfanus, nalika dibenturi watu nganti mati, mangka awaké sing nunggu sandangané wong-wong sing tjantjut mbenturi Stéfanus nganti mati .... Bareng tjritané tekan semono, wong akèh mau bandjur alok-alok manèh: „Kasingkirna wong iku, ora arus diuripi!” Kupingé wong akèh wis ora tahan ngrungokaké asma Jésus Nasarani, saben ngrungu tembung mau, bandjur muntab nepsuné, semono enggoné paḍa geṭing marang Gusti Jésus. Wong akèh wiwit paḍa busekan manèh, paḍa bengak-bengok, kambi mbuwangi djubahé lan njawur-njawuraké lebu menḍuwur. Panèwu bandjur ḍawuh nglebokaké Paul marang ing djero bètèng,