Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/196

Kaca iki wis divalidasi

196

WONG LELARAN

***

luwar saka ing pangantjamé wong Jahudi, senadjan wudjudé kajadéné wong tahanan tur nganggo dibanda. Wiwit nalika iku rasul Paul dadi wong lelaran nganti tetaunan.

KOTJAPA bareng oleh sawetara dina, ana ing djero bètèng mau Paul disowani botjah lanang, isih kepernah putra kepénakan, sarta bisik-bisik ngaturi uninga prakara sing gawat. Botjah mau ngaturi uninga bab anané paékan sing arep ditindakaké wong Jahudi sing wis paḍa supata ora bakal mangan lan ngombé, jèn durung kelakon njédani Paul. Sedyané wong-wong mau dirudjuki lan dibijantu déning para imam. Wudjuding paékan sing arep ditindakaké mengkéné: para imam arep ngaturi rembag marang panèwu supaja Paul kasowanaké ing ngarsané pradata manèh sengadi arep ditlesihaké prakarané. Wong-wong mau wis paḍa miranti arep njirnakaké Paul sadurungé tekan ing ngarsané pradata. Enggoné paḍa rerasan mengkono iku klawan siḍeman, nanging meksa kebrodjol tekan putra kepénakané Paul. Botjah nonoman mau sarèhné ngerti gawating prakara, mulané bandjur nékad mlebu ing bètèng ngaturi uninga marang Paul.

Paul miḍangetaké aturé mau klawan seḍih, djalaran semono keblingeré wong Jahudi déné nganggep satru marang Gustiné. Satemené Paul ora kagungan kuwatir, éwadéné botjah mau diḍawuhi matur ḍéwé marang ngarsané panèwu. Sawisé matur saperluné, botjah mau bandjur diweling wanti-wanti: „Poma, adja tutur-tutur marang wong jèn kowé wis nglairaké prakara iku marang aku.” Sawisé mengkono panèwu mau bandjur nimbali panatus wong loro, kaḍawuhan, ngungsèkaké Paul menjang kabupatèn. Lan ing wajah bengi iku uga Paul kelakon diungsèkaké nganggo pandjagan sing kuwat metu saka ing kuṭa Jerusalèm menjang kuṭa kabupatén ing Késarea, dikanṭèni lajang kondjuk ing ngarsané bupati Félik ....

Ing wajah bengi iku wong ing Jerusalèm paḍa ngerti jèn ana barisan dibuḍalaké metu, saka ing bètèng nanging ora ana wong sing ngerti jèn ing satengahé pradjurit djaranan ana wongé lelaran, jaiku Paul sing arep diungsèkaké. Mengkono iku patrapé enggoné diontjataké saka ing paékané wong Jahudi.

Gagasané Lisias: „Prakarané saiki dakunggahaké menjang ngarsané bupati Félik, dadi aku wis ora duwé tanggungan manèh. Wong iku satemené ora duwé kaluputan, nanging aku ija ora wani ngluwari.”

WONG iku satemené ora duwé kaluputan, mengkono gagasané Félik, bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing wewengkoné tanah kono, nalika mriksa prakarané Paul lan miḍangetaké panggugaté wong Jahudi sing paḍa teka menjang Kesaréa ing ngarsané pangadilan ....

„Satemené ora luput!” ....

Ewadéné Paul ora diluwari, isih adjeg dadi wong lelaran, ditahan déning bupati Félik, djalaran ana pangarep-arepé tampi ḍuwit patukon luwaré Paul saka ing tahanan. Paul dadi lelaran nalika djamané bupati Félik nganti rong taun lawasé, mangka ora kabuktèn luputé.

Senadjana dadi wong lelaran, nanging para mitrané kena niliki Paul ing sawajah-wajah; apa manèh saiki Paul ora perlu dilebokaké ing sèl kajadéné durdjana, nanging ora djeneng merdika temenan, awit tansah didjaga déning pradjurit, mangka astané isih karanté.

Nanging sing ndjalari prihatiné Paul iku dudu pradjurit sing djaga utawa ranté sing mbanda astaré, nanging enggoné ora bisa tindak nggelaraké Indjil marang djagad. Dadiné Paul ora bisa nindakaké ajahan sing disagahi, éwasemono Paul ija ora grundelan. Paul ngertos uga jèn sakèhé lelakon sing tumempuh ing sugengé iku wis dadi kersané Allah. Paul mung tansah narimah ing sakersané Allah.

KATJARITA Félik digentosi kalenggahané déning bupati anjar, asmané Fèstus.

Paul lan para mitrané paḍa ketuwuhan pangarep-arep bisa énggal dirampungi prakarané. Keprije wewatekané bupati anjar iki, apa bakal luwih adil lan kendel katimbang Félik, temah wani ngluwari wong sing ditahan tanpa kabuktèn luputé?

Nanging bupati anjar mau ora nimbangi sing dadi pangare-arepé Paul dalah para mitrané. Wong Jahudi paḍa ngadjokaké panggugat manèh sing luwih abot, lan bupati Fèstus, senadjan pirsa jèn Paul iku ora duwé kaluputan, malah kagungan kersa ngintun Paul menjang Jerusalèm supaja diadili déning pradatané bangsa Jahudi. Lan kang mengkono iku mung marga saka enggoné kepéngin nglegani atiné wong Jahudi, kajadéné sing ditindakaké bupati Felik. Para bupati Rum sing ngasta pangwasa babar pisan ora menggalih arep nindakaké kaadilan ing samesṭiné.

Nanging Paul mangsuli klawan tjeṭa: „Pandjenengan pijambak pirsa bilik kula boten kalepatan punapa-punapa, mila kula inggih boten purun dipun adili déning pradatanipun tijang Jahudi. Menawi kula saèstu lepat, lan kedah kaukum kisas, kula boten lenggana pedjah. Nanging jèn boten lepat, kula inggih boten purun dipun dadosaken wadal kanggé nglegani panjuwunipun sawenèhing golongan namung karana pilih kasih. Kula njuwun su-